1 Pangandikane Sang Yehuwah: “He Israel!Manawa sira gelem bali, sira balia marang Ingsun,lan manawa sira gelem ngedohake para dewanira kang najisake,sira ora susah sumingkir saka ing ngarsaningSun.
2 Lan manawa sira nglairake supata klawan kasetyan, kaadilan lan kabeneran:Demi Sang Yehuwah kang gesang,para bangsa bakal padha berkah-binerkahan ana ing Panjenenganelan bakal padha gedhe atine marga saka Panjenengane.”
3 Ujer Sang Yehuwah ngandika marang wong ing Yehudalan wong kang manggon ing Yerusalem mangkene:“Sira mbukaka palemahan anyar kanggo siralan aja nyebar ing tengahing eren.
4 Padha tetaka lumadi marang Sang Yehuwah,lan ikuting atinira buwangen,he wong Yehuda lan wong kang manggon ing Yerusalem,supaya bebenduningSun aja mulad-mulad kaya geni,lan murub makantar-kantar,lan ora ana wong kang nyirep,marga saka panggawe-panggawenira kang ala!”
5 Wartakna ing tanah Yehuda,lan kabarna ing kutha Yerusalem:Ngunekna kalasangka ana ing jero nagara,nguwuh-uwuha kang seru:“Padha ngumpula, payo padha ngungsimenyang ing kutha-kutha kang santosa!”
6 Banderane adegna ngener marang kutha Sion,ngungsia dienggal, aja mung padha meneng bae!Amarga Ingsun ndhatengake bilai saka lorlan karusakan kang gedhe.
7 Singa wus jumedhul saka ing grumbulan.Kang ngrusak para umat wus mangkat,wus metu saka ing panggonane,arep gawe cengkaring nagaranira;kutha-kuthanira bakal padha didadekake jugrugan,ora ana kang ngenggoni.
8 Mulane manganggoa sandhangan bagor,nangisa lan sesambata,amarga bebendune Sang Yehuwah kang mulad-mulad ora bakal mendha saka ing kita.
9 Pangandikane Sang Yehuwah mangkene: “Ing wektu iku para raja lan para panggedhe bakal kelangan krekat,para imam bakal padha kagawokan lan para nabi padha kaeraman,
10 sarta padha ngucap: Dhuh Pangeran Yehuwah,sayektos, Paduka sampun damel kacelikipun bangsa punika,lan para ingkang manggen ing Yerusalemklayan pangandika Paduka ingkang makaten:Sira padha oleha tentrem rahayu,mangka jebul pedhang ingkang ngancam nyawa kawula sadaya!”
11 Ing wektu iku bakal dikandhakakemarang bangsa iki lan wong kang manggon ing Yerusalem:“Angin panas saka ing tengger-tengger gundhul ing sagara wedhimidid marang ing putrining umatingSun,dudu angin kang napeni lan ngresiki,
12 nanging angin kang banter kang tekane marga saka dhawuhingSun.Saiki Ingsun piyambak bakal ndhawahake paukuman marang wong-wong iku.”
13 Delengen anggone munggah kaya lakuning mendhung,karetane perang rikate kaya prahara,jarane cukate ngluwihi manuk garudha.Adhuh cilaka aku, awit aku padha disirnakake!
14 He Yerusalem, atinira resikana pialane,supaya sira oleh kaslametan!Isih pira suwene pangrantamira kang alaanggone andhok ana ing atinira?
15 Rungokna! Wong alok-alok saka ing Dhan,martakake bilai saka ing pagunungan Efraim.
16 Para bangsa padha elingna: Iku teka temenan!Wartakna ing Yerusalem:“Wong kang ngepung teka saka ing tanah kang adoh,padha ngulukake swarane marang kutha-kuthane Yehuda.
17 Patrape kaya wong kang tunggu pategalan,ngubengi saka ing keblat papat;amarga Yehuda wus mbalela marang Ingsun, --mangkono pangandikane Sang Yehuwah. --
18 Tindak-tandukira lan panggawenirakang njalari iku kabeh nempuh marang sira.Iku nasibira kang ala, sapira paite,nganti njojoh atinira.”
19 Adhuh, dhadhaku, dhadhaku!Aku lara kaya rinemet-remet!Adhuh, pagering jantungku!Jantungku dheg-dhegan, aku ora bisa lerem,amarga aku krungu swaraning kalasangka,gumuruhing perang.
20 Gempuran-gempuran kawartakake,saindenging nagara dirusak,kemahku dirusak dadakansamono uga tendhaku mung sakedhap netra.
21 Isih pira suwene maneh aku ndeleng bandera iku,lan krungu swaraning kalasangka iku?
22 “UmatingSun iku nyata-nyata bodho,padha ora wanuh marang Ingsun.Bocah-bocah kang goblog,lan ora ngreti apa-apa,pintere yen nindakake piala,nanging panggawe becik ora dimangreteni.”
23 Aku ndeleng bumi, lah wus worsuh lan suwung,lan aku tumenga marang ing langit, padhange wus sirna.
24 Aku ndeleng gunung-gunung,lah padha gonjang-ganjing,lan sakehing tengger-tengger padha horeg.
25 Aku ndeleng, jebul wus ora ana manungsa,lan sakehing manuk ing awang-awang padha mabur ngilang.
26 Lah aku ndeleng tanah kang maune suburjebul wus dadi pasamunan,lan sakehing kuthane wus padha jugrugana ing ngarsane Sang Yehuwah, marga saka bebendune kang mulad-mulad!
27 Amarga mangkene pangandikane Sang Yehuwah:“Saindenging nagara iki bakal dadi sepi mamring,nanging Ingsun ora bakal nyirnakake iku babar pisan.
28 Marga saka bab iki bumi bakal nandhang susah,lan langit ing dhuwur bakal dadi petengamarga Ingsun wus ngandika lan wus ngrancang bab iku,Ingsun ora bakal keduwung lan ora bakal murungake iku.”
29 Marga saka gumredeging bala jaranan lan prajurit panahan,wong sanagara bakal padha ngungsi kabeh.Padha lumebu ing grumbulanlan munggah ing tengger parang-parang;saben kutha wus padha suwung,lan ora ana wong siji-sijia kang manggon ana ing kono.
30 Lan kowe kang padha kasirnakakeapa kang arep koklakoni,geneya kowe padha manganggo jarit jingga,lan pepasren emas,apadene mripatmu celakan?Tanpa guna anggonmu ngadi sarira,bedhanganmu padha nampik kowe, malah padha ngarah nyawamu.
31 Amarga aku krungu swara kaya sambate wong wadon nglarani,swarane sesek kaya swaraning biyung kang nglairake anake tembean,swaraning putri ing Sion kang krenggosan,kang ngegarake tangane:“Adhuh, cilaka aku, amarga aku sirna ana ing ngarepe wong kang padha gawe pepati!”