1 Pasyhur bin Imer, imam kang ing wektu iku dadi kepalane padalemane Sang Yehuwah, krungu Nabi Yeremia memeca mangkono.
2 Nabi Yeremia nuli disapu lan dibelok ana ing gapura Benyamin, kang ana ing dhuwure padalemane Sang Yehuwah.
3 Nanging esuke bareng Nabi Yeremia diluwari saka ing belokan, banjur ngandika marang Imam Pasyhur mangkene: “Sang Yehuwah bakal nyebut kowe dudu Pasyhur, nanging Pagiris saka ing ngendi-endi.
4 Amarga mangkene pangandikane Sang Yehuwah: Lah Ingsun bakal ndadekake sira dadi pagiris tumrap sira dhewe lan mitra-mitranira kabeh; mitra-mitranira bakal padha mati ambruk dening pedhanging mungsuh ana ing ngarepira dhewe. Apadene Yehuda kabeh bakal Sunulungake ing tangane ratu ing Babil, banjur padha diangkatake menyang ing pambuwangan ing tanah Babil lan dipateni kalawan pedhang.
5 Uga kasugihane kutha iki, oleh-olehaning rekasane kabeh, samubarang kang pangaji lan raja-branane para raja ing Yehuda bakal Sunulungake marang tanganing mungsuhe, kang njarah-rayah, nglumpukake lan mbandhang iku kabeh menyang Babil.
6 Dene mungguh sira dhewe, he Pasyhur dalah saisine omahira, sira bakal diangkat dadi tawanan, sira bakal teka ing Babil lan bakal mati ana ing kana sarta bakal dikubur ana ing kana; iya sira lan para mitranira kabeh kang padha kokwedhari pameca kang goroh.”
7 Dhuh Sang Yehuwah, Paduka ingkang ngarih-arih kawulalan kawula sampun purun kaarih-arih;Paduka punika rosa sanget tumrap kawula,Paduka nunten nelukaken kawula.Kawula dados gegujengan sadinten muput,sadayanipun sami moyoki kawula.
8 Amargi saben kawula wicanten, kapeksa mbengkok,kedah alok-alok: “Ambeksiya! Paniksa!”Amargi pangandikanipun Sang Yehuwah dados cacadanlan pamoyok tumraping kawula, sadinten muput.
9 Nanging samangsa kawula mosik:“Aku emoh ngelingi Panjenenganelan wegah ngucapake pangandikane maneh atas Asmane!”,ing salebeting manah kawula kados wonten latu murub makantar-kantaringkang pinepetan wonten ing balung kawula,kawula ngantos kesel anggen kawula mbetah-mbetahaken,nanging boten kuwawi.
10 Kawula sampun mireng reraosanipun tiyang kathah:“Pagiris teka saka ing ngendi-endi!Gugaten dheweke! Aku padha arep nggugat dheweke!”Kanca-kanca kenthel kawula piyambaksami ngintip punapa kawula kesandhung lajeng dhawah:“Bokmanawa dheweke kena diglembuk,temah bisa kita kalahake,lan kita bisa nandukake pamales marang dheweke!”
11 Nanging Sang Yehuwah nunggil kaliyan kawulakados sang prawira ingkang prakosa,pramila ingkang mbujeng kawula badhe kesandhung lan dhawah,lan boten saged nindakaken punapa-punapa.Sami badhe nandhang wirang sanget,amargi sami boten angsal damel;punika badhe dados kawirangan,ingkang salaminipun boten saged dipun supekaken!
12 Dhuh Sang Yehuwah, Gustinipun ingkang sarwa dumados,ingkang ndadar tiyang ingkang leres,sarta nguningani batos lan manah,keparenga kawula nyipati pamales Padukadhateng para tiyang punika,amargi prakawis punika sampun kawula pasrahaken dhumateng Paduka.
13 Ngidunga kagem Sang Yehuwah,ngaturna pamuji marang Sang Yehuwah!Amarga Panjenengane wus ngluwarinyawane wong miskin saka ing tangane wong kang nandukake piala.
14 Kenaa ing ipat-ipat dina kalairanku!Kareben aja diberkahi dina nalika ibuku nglairake aku!
15 Kenaa ing ipat-ipat wong kang nggawa kabarmarang bapakku, mangkene:“Panjenengan kaparingan putra kakung!”,kang njalari panjenengane rena banget.
16 Dina iku dadia kaya kutha-kutha,kang wus kawalik dening Sang Yehuwah tanpa sih-palimirma!Muga keprungua pasambat ing wayah esuk,lan swara gumeder ing wayah tengange!
17 Amarga dina iku ora mateni aku,nalika aku ana ing kandhutan,temah ibuku dadi kuburankulan mbobot ing salawase!
18 Yagene aku kok lair saka ing kandhutan,nyawang kasusahan lan prihatin,temah dina-dinaning uripku liwat klawan wirang?