Yeremia 42 JAV

Nabi Yeremia ngengetake supaya aja ngungsi menyang Mesir

42:1-22

1 Sakehing prawiraning wadya-bala, kalebu Sang Yohanan bin Kareah lan Sang Azarya bin Hosaya, dalah rakyat kabeh, wiwit kang cilik tumeka kang gedhe nuli padha sowan,

2 lan matur marang Nabi Yeremia: “Kaparenga kula sami ngaturaken panyuwunan wonten ing ngarsa panjenengan. Panjenengan mugi karsaa ndongakaken kula sadaya dhumateng Sang Yehuwah, Gusti Allah panjenengan, kangge ingkang taksih kantun punika sadaya; amargi tiyang ingkang cacahipun kathah namung kantun kula ingkang namung sakedhik punika ingkang taksih kantun kados ingkang panjenengan pirsani piyambak punika.

3 Mugi Sang Yehuwah, Gusti Allah panjenengan, nyumerepaken dhateng kula sadaya, margi pundi ingkang kedah kula langkungi lan punapa ingkang kedah kula lampahi.”

4 Wangsulane Nabi Yeremia marang para wong iku: “Panyuwunmu wis dakrungu! Lah, aku arep ndedonga marang Sang Yehuwah, Gusti Allahmu, kayadene panyuwunmu iku, lan sakehing pangandika, kang kaparingake minangka wangsulan, bakal dakkandakake marang kowe kabeh; satembung bae ora ana kang bakal dakunthet!”

5 Atur wangsulane wong-wong mau marang Nabi Yeremia: “Mugi Sang Yehuwah dadosa seksi ingkang setya tuhu lan kenging dipun pitados ingkang tumuju dhateng kula sadaya, manawi kula boten ngestokaken sadaya pangandikanipun Sang Yehuwah, Gusti Allah panjenengan, ingkang panjenengan dhawuhaken dhateng kula.

6 Saea awona, kula badhe mirengaken sabdanipun Sang Yehuwah, Gusti Allah kita, ingkang panjenengan sowani margi saking panyuwun kula dhateng panjenengan, supados kula manggih wilujeng, awit kula sami ngestokaken dhateng sabdanipun Sang Yehuwah, Gusti Allah kita.”

7 Bareng wus sepuluh dina Nabi Yeremia tampi dhawuh saka Sang Yehuwah.

8 Nabi Yeremia nuli nimbali Sang Yohanan bin Kareah lan sakehe prawiraning wadya-bala, kang padha ndherek, tuwin rakyat kabeh kang cilik tumeka kang gedhe.

9 Nabi Yeremia nuli ngandika marang wong-wong iku: “Mangkene pangandikane Sang Yehuwah, kang daksowani marga saka panyuwunmu, prelu ngunjukake panyuwunan ana ing ngarsane.

10 Manawa sira tetep manggon ana ing nagara kene, Ingsun bakal mbangun lan ora bakal mbubrah sira. Ingsun bakal ndadekake tuwuhira lan ora bakal mbedholi sira, amarga Ingsun keduwung anggoningSun ndhatengake bilai marang sira.

11 Aja padha wedi marang ratu ing Babil, kang padha kokwedeni. Aja wedi marang dheweke, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah --, amarga Ingsun kang nunggal kalawan sira, nylametake sira lan ngluwari sira saka ing tangane.

12 Ingsun bakal ndadekake sira oleh sih-piwelas, temah dheweke mesakake marang sira lan ngendelake bae kowe manggon ana ing tanahira.

13 Nanging manawa sira lumuh ngrungokake sabdane Sang Yehuwah, Gusti Allahira, sarta ngucap: Aku emoh manggon ana ing tanah kene,

14 awit gagasanira: Ora! Aku arep mangkat menyang tanah Mesir, ana ing kana aku ora bakal ngalami paprangan, ora bakal krungu kalasangka lan ora ngrasakake luwe, lan aku bakal padha manggon ana ing kana!,

15 he kekarening Yehuda, saiki rungokna pangandikane Sang Yehuwah, Gustining sarwa dumadi, Gusti Allahe Israel: Manawa sira kedereng sumedya menyang ing tanah Mesir, nuli sira sida mangkat, lan manggon ana ing kana dadi wong neneka,

16 pedhang kang sira wedeni iku bakal nututi sira menyang tanah Mesir lan ora kendhat-kendhat sira bakal diuber-uber dening si luwe, kang koksamari iku, temah sira mati ana ing kana.

17 Sakehing wong kang sumedya menyang ing tanah Mesir arep manggon ana ing kana dadi wong neneka, bakal mati dening pedhang, kaliren lan pageblug; siji bae ora ana kang bisa luwar utawa oncat saka ing bilahi, kang Sundhatengake marang wong iku.

18 Sanyata, mangkene pangandikane Sang Yehuwah, Gustining sarwa dumadi, Gusti Allahe Israel: Kayadene kasoking dedukaningSun lan mulad-mulading bebenduningSun tumrap wong kang manggon ana ing Yerusalem, mangono uga kasoking dedukaningSun tumrap sira, samangsa sira lunga menyang Mesir. Sira bakal dadi ipat-ipat, pagiris, supata lan cecampahan. Sira ora bakal ndeleng panggonan iki maneh.

19 Sang Yehuwah wus ngandika marang sira, he kekarening Yehuda: Poma sira aja menyang Mesir! Pikiren temenan, aku wus ngelingake marang kowe ing dina iki!

20 Kowe wus mblithuk awakmu dhewe, lan marakake nyawamu kena ing bebaya, nalika kowe akon aku sowan marang ing ngarsane Sang Yehwuah, Gusti Allahmu kanthi piweling: Kula panjenengan dongakaken dhateng Sang Yehuwah, saha lajeng panjenengan ngandikakaken dhateng kula sadhawuhipun Sang Yehuwah, Gusti Allah kita, supados sami kula estokaken!

21 Nanging sanadyan aku wus nyumurupake marang kowe ing dina iki, ewadene kowe ora ngrungokake sabdane Sang Yehuwah, Gusti Allahmu, yaiku ora miturut marang sakehing pangandikane kang dakterusake marang kowe.

22 Mulane, pikiren kang temenan, manawa kowe kabeh bakal padha mati dening pedhang, kaliren lan pageblug ana ing panggonan kang kokimpi-impi arep kokenggoni dadi wong neneka.”