Yeremia 33 JAV

Prasetya bab mulihake kaanane kutha Yerusalem lan Yehuda

33:1-13

1 Pangandikane Sang Yehuwah marang Nabi Yeremia kang kaping pindhone, nalika isih kinunjara ana ing plataraning pajagan, wirasane:

2 “Mangkene pangandikane Sang Yehuwah, kang nitahake bumi sarana mangun lan njejegake -- Sang Yehuwah iku asmane --:

3 Sesambata marang Ingsun, Ingsun mesthi bakal maringi wangsulan marang sira, lan Ingsun bakal paring sumurup marang sira, prakara-prakara kang gedhe lan kang sinamar, yaiku bab-bab kang ora sira sumurupi.

4 Amarga -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah, Gusti Allahe Israel --, mungguh omah-omah kang ana ing kutha iki lan gedhong-gedhonging kratone Sang Nata ing Yehuda kang dibubrah kanggo nanggulangi tembok-temboking pangepungane mungsuh lan pedhang:

5 Wong bakal mangsah perang nglawan wong ing Kasdim lan kutha iki bakal kebak mayiting manungsa kang wus Sunpateni marga saka dukaningSun lan mulad-mulading bebenduningSun, awit Ingsun wus nyingidake wadananingSun saka ing kutha iki, marga saka sakehing pialane.

6 Lah, Ingsun bakal nuwuhake kawarasan lan kawaluyan sarta Ingsun bakal maluyakake wong iku lan paring karaharjan sarta katentreman nganti luber-luber.

7 Ingsun bakal mulihake kaanane Yehuda lan Israel lan bakal Sunbangun maneh kaya ing maune.

8 Ingsun bakal nucekake para wong iku saka ing sakabehe kaluputane kang dilakoni, anggone nindakake dosa ana ing ngarsaningSun lan Ingsun bakal ngapura sakehing kaluputan kang dilakoni kalawan anggone nindakake dosa lan anggone mbalela marang Ingsun.

9 Lan kutha iki bakal dadi bakuning kabungahan, kasuwur lan dadi pangaleman tuwin ingajenan tumrap Ingsun, ana ing ngarepe sakehe bangsa ing bumi; kang wus padha krungu bab sakehing kadarman kang Suntandukake marang bangsa iki; para bangsa bakal padha kaget lan gumeter, marga saka sakehing kadarman lan karaharjan kang Suntandukake marang bangsa iku.

10 Mangkene pangandikane Sang Yehuwah: Ing panggonan kene, kang kokarani wus dadi jugrugan, ora didunungi manungsa lan kewan, ing kutha-kuthaning Yehuda lan ing lurung-lurunge Yerusalem, kang sepi mamring iku, lan ora ana wonge kang ngenggoni lan ora ana kewane,

11 bakal keprungu maneh sabawaning kabungahan lan sukarena, swaraning penganten lanang lan wadon, swaraning wong kang padha ngucapake:Ngaturna puji panuwun marang Sang Yehuwah, Gustining kang sarwa dumadi,amarga Sang Yehuwah iku asih-darma,sih-susetyane iku langgeng ing salawase!,karo ngaturake kurban panuwun ana ing padalemane Sang Yehuwah. Amarga Ingsun bakal mulihake kaanane nagara iki kaya ing maune. Mangkono pangandikane Sang Yehuwah.

12 Pangandikane Sang Yehuwah, Gustine kang sarwa dumadi, mangkene: Ing tlatah kene, kang wis dadi jugrugan, ora didunungi manungsa lan kewan, tuwin ing sakehing kuthane, bakal ana pangonan maneh kanggo para pangon, kang mlegungake wedhus-wedhuse ana ing kono.

13 Ing kutha-kutha Pagunungan, ing kutha-kutha Tlatah Pagunungan, ing kutha-kutha ing Tanah Negeb, ing tlatahe Benyamin, ing saubenge Yerusalem lan ing kutha-kuthane Yehuda, wedhus-wedhus bakal liwat maneh ana ing sangisoring tangane kang ngetung. Mangkono pangandikane Sang Yehuwah.”

Prajanjian karo tedhak turune Sang Prabu Dawud lan tedhak turune Rama Lewi

33:14-26

14 “Pangandikane Sang Yehuwah mangkene: Lah, bakal tumeka ing mangsane anggoningSun bakal nuhoni prasetya, kang Sunparingake marang tedhak turune Israel lan Yehuda.

15 Ing wektu lan ing mangsa iku Ingsun bakal nuwuhake Trubusing kaadilan tumrap Dawud, kang bakal nindakake kaadilan lan kabeneran ana ing nagara.

16 Ing wektu iku Yehuda bakal linuwaran lan Yerusalem uripe bakal tentrem. Lan kalawan jeneng iki, iku bakal padha sinebut: Sang Yehuwah iku kaadilan kita.

17 Amarga pangandikane Sang Yehuwah mangkene: Tedhak turune Dawud bakal ora pedhot-pedhot nglungguhi dhamparing kratone bangsa Israel!

18 Lan tedhak turune para imam bangsa Lewi uga ora kendhat-kendhat nyaosake kurban obaran, lan kurban dhaharan, apadene kurban sembelehan ing sauruting jaman, ana ing ngarsaningSun.”

19 Pangandikane Sang Yehuwah marang Nabi Yeremia, mangkene:

20 “Pangandikane Sang Yehuwah mangkene: Manawa sira bisa mbubrah prasetyaningSun marang rina lan wengi, temah rina lan wengi ora netepi ing wayahe,

21 ing kono prajanjianingsun marang abdiningSun Dawud uga bisa kabubrah, temah ora duwe turun maneh kang nglungguhi dhamparing kratone, mangkono uga prasetyaningSun karo bangsa Lewi, yaiku para imam kang dadi paladeningSun.

22 Kayadene bala ing langit kang tanpa wilangan kehe tuwin kaya wedhining sagara kang ora kena tinaker, iya kaya mangkono uga anggoningSun nangkar-nangkarake tedhak turune Dawud lan para wong Lewi, kang ngladeni Ingsun.”

23 Pangandikane Sang Yehuwah marang Nabi Yeremia, mangkene:

24 “Apa kang diucapake para wong iku ora sira gatekake: Turun rong kulawarga, kang piniji dening Sang Yehuwah iku wus tinampik dening Panjenengane? Kanthi patrap mangkono wong iku padha ngremehake umatingSun, amarga iku ora dianggep dadi bangsa maneh.

25 Pangandikane Sang Yehuwah mangkene: Manawa Ingsun ora nuhoni prasetyaningSun karo rina lan wengi, apadene tataning langit lan bumi,

26 ing kono Ingsun mesthi uga bakal nampik tedhak turune Yakub lan abdiningSun Dawud, temah kendel anggoningSun ngangkat saka tedhak turune, kang padha ngereh marang tedhak turune Abraham, Iskak lan Yakub. Amarga Ingsun bakal mulihake kaanane para wong iku sarta iku bakal padha Sunwelasi.”