1 He para turune Israel!Padha ngrungokna pangandikane Sang Yehuwah,kang kadhawuhake marang kowe:
2 Mangkene pangandikane Sang Yehuwah:“Sira aja nulad tindak-tanduke para bangsa,aja kaget dening tandha-tandha ing langit,sanadyan para bangsa padha giris marga saka iku.
3 Kang padha dieringi para bangsa iku tanpa guna.Brahala iku rak kayu kang ditegor ing wong ana ing alas,kang digarap klawan tatah dening tangane tukang kayu?
4 Kang direngga-rengga klawan emas lan salaka,lan dikukuhake sarana paku lan palu,supaya aja moyag-mayig.
5 Brahala iku kayadene wong-wongan ing kebon timun,ora bisa guneman,kudu dijunjung ing wong,amarga ora bisa lumaku.Aja kokwedeni,amarga brahala iku ora bisa manggawe alalan gawe becik iya ora bisa.”
6 Boten wonten ingkang nyameni Paduka, dhuh Yehuwah!Paduka punika agung lan asma Paduka agungmargi Paduka punika prakosa.
7 Dhuh Rajanipun para bangsa,sinten ingkang boten ajrih dhumateng Paduka?Sayektos, sampun samesthinipun tiyang ajrih dhumateng Paduka,amargi ing antawisipun para wicaksana panunggilanipun para bangsa,saha ing antawisipun para ratunipun,boten wonten ingkang nyameni Paduka!
8 Brahala iku kabeh bodho lan gemblung,piwulange dewa iku tanpa guna,awit iku mung kayu walaka.
9 Salaka blebekan digawa saka ing Tarsislan emas saka ing Ufas;brahala iku gaweane tukang lan gaweaning tangane kemasan.Sandhangane jarit wungu tuwa lan wungu nom,kabeh gaweane para ahli.
10 Nanging Pangeran Yehuwah iku Gusti Allah kang sejati,Panjenengane iku Gusti Allah kang gesang,lan Ratu kang langgeng.Dedukane nggonjingake bumilan para bangsa ora bisa lestari urip karana bebendune.
11 Sira ndhawuhana marang para wong iku mangkene:“Para allah kang ora nitahake langit lan bumiiku bakal sirna saka ing bumilan saka ing sangisoring langit iki.”
12 Sang Yehuwah kang nitahake bumi sarana kakiyatane,kang njejegake bumi sarana kawicaksananelan mbeber langit kanthi kalimpadane.
13 Samangsa Panjenengane ngedalake swantene,swaraning banyu ing langit gumuruh,Panjenengane ngumbulake mega mendhungsaka poncoting bumi,damel kilat binarung udanlan ngwedalake angin saka ing perawatane.
14 Saben manungsa iku nyatane bodho ora ngreti apa-apalan saben kemasan padha wirang marga saka reca garapane.Awitdene reca cor-corane iku apus-apus,ora duwe nyawa.
15 Sakabehe iku tanpa guna,garapan kang dadi wohing pamoyok,lan kang bakal lebur samangsa kasiksa.
16 Panjenengane kang dadi pandumane Yakub ora kaya mangkono kaanane,amarga Panjenengane kang mangun samubarang kabeh,lan Israel iku uamt kagungane,asmane yaiku Sang Yehuwah,Gustining kang sarwa dumadi.
17 He para wong kang ana ing pangepungan,barang-barangmu gawanana saka ing nagara kene.
18 Amarga mangkene pangandikane Sang Yehuwah:“Lah sapisan ikiIngsun bakal mbuncang wong isining kutha iki,lan bakal Sunrupekake, supaya padha krasa.”
19 Adhuh cilaka aku, marga saka lelaraku,tatuku ora bisa mari!Aku nggagas: “Ah ikikasusahan kang kudu daksandhang!”
20 Kemahku wus rusaklan taline wus pedhot kabeh.Anak-anakku wus padha ninggal aku,wus ora ana maneh,wus ora ana kang ngadegake kemahkulan kang menthang tendhaku.
21 Sanyata, para pangon wus padha tanpa budi,padha ora neges marang pitedahe Sang Yehuwah.Mulane padha ora nemu begja,lan sakehing kewan pepanthane padha pating blesar.
22 Ana warta kang keprungu, unine:Ana pageger gedhe kang bakal teka saka ing tanah lor,kang bakal gawe kutha-kutha ing Yehudapadha dadi sepi mamring, dadi pandhelikane asu ajag.
23 Dhuh Sang Yehuwah, kawula mangretos,bilih manungsa punika boten gadhah pangwaosnetepaken marginipun piyambak,lan tiyang ingkang andon lampah boten gadhahpangwaos netepaken jangkahipun.
24 Dhuh Sang Yehuwah, kawula mugi Paduka perdi,nanging ing samajadipun,sampun klayan bebendu Paduka,supados kawula sampun ngantos Paduka sirnakaken!
25 Bebendu Paduka mugi Paduka esokakendhateng para bangsa ingkang boten tepang kaliyan Padukasarta dhateng para jinis ingkang sami boten nyebut asma Paduka,amargi sampun sami mangsa Yakub ngantos telassarta padununganipun kadadosaken jugrugan.