1 Pangandikane Sang Yehuwah marang Nabi Yeremia ing tahun kang kaping sapuluhe jumenenge Sang Prabu Zedhekia, ratu ing Yehuda, iku taun kang kaping wolulase jumenenge Sang Prabu Nebukadnezar.
2 Ing wektu iku wadya-balane ratu ing Babil ngepung kutha Yerusalem, dene Nabi Yeremia kinunjara ana ing plataraning pajagan ing kratone ratu ing Yehuda.
3 Nabi Yeremia anggone kakunjara ana ing kono dening Sang Prabu Zedhekia, ratu ing Yehuda iku, awit kadakwa meca mangkene: “Yagene sira meca: Mangkene pangandikane Sang Yehwuah: Lah, Ingsun bakal ngulungake kutha iki marang tangane ratu ing Babil, supaya diebroki;
4 Zedhekia, ratu ing Yehuda, bakal ora bisa oncat saka tangane wong ing Kasdim nanging mesthi bakal diulungake marang ratu ing Babil, temah dheweke bakal sapocapan adu arep, sarta pandeng-pandengan karo dheweke.
5 Zedhekia bakal kaangkatake menyang ing Babil lan bakal manggon ana ing kana, nganti Ingsun nggalih marang dheweke, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah --. Manawa sira perang nglawan wong ing Kasdim iku, sira ora bakal begja!”
6 Pangandikane Nabi Yeremia: “Aku wus kadhawuhan dening Sang Yehuwah, mangkene:
7 Lah, Hanameel, anake Salum, pamanira, bakal nemoni sira kalawan usul: Pategilan kula ingkang wonten ing Anatot, sampeyan tumbas, amargi sampeyan ingkang gadhah hak-nebus lan numbas.
8 Sawuse mangkono cundhuk karo pangandikane Sang Yehuwah, Hanameel, nakdulurku, nuli nemoni aku ana ing plataraning pajagan lan ngusulake marang aku: Pategilan kula ingkang wonten ing Anatot, ing tlatahipun Benyamin, sampeyan tumbas, amargi sampeyan ingkang gadhah hak-ndarbeni lan hak-nebus; sampeyan tumbas punika! Aku banjur ngreti, yen prakara iku saka Sang Yehuwah.
9 Dadine aku nuku palemahan, kang ana ing Anatot iku saka tangane Hanameel, anake pamanku mau lan nimbang dhuwite pitulas sekel salaka.
10 Aku nulis layang pratandha dol-tinuku, kang nuli kaecap lan kaseksekake, dhuwite banjur daktimbang ana ing traju.
11 Aku banjur njupuk layang pratandha dol-tinuku, iya kang kaecap, iya turunane kang bukakan.
12 Aku nuli masrahake layang pratandha mau marang Barukh bin Neria bin Makhseya ana ing ngarepe Hanameel, anake pamanku iku, ana ngarepe para seksi kang padha melu nandha-tangani layang pratandha mau, lan ana ngarepe kabeh wong Yehuda kang ana ing plataraning pajagan kono.
13 Ana ing ngarepe para wong iku aku meling marang Barukh, tembungku:
14 Mangkene pangandikane Sang Yehuwah, Gustine kang sarwa dumadi, Gusti Allahe Israel: Layang-layang iki jupuken iya kang mawa ecap, iya turunane kang bukakan, kabeh dokokna ana ing wadhah grabah supaya awet suwe.
15 Amarga mangkene pangadikane Sang Yehuwah, Gustine kang sarwa dumadi, Gusti Allahe Israel: Wong bakal tuku omah, pategalan lan kebon anggur maneh ana ing nagara kene.
16 Layang pratandha iku sawuse dakpasrahake marang Barukh bin Neria, aku nuli ndedonga, aturku:
17 Dhuh Pangeran Yehuwah! Saestu Paduka punika ingkang nitahaken langit tuwin bumi, kaliyan karosan Paduka ingkang ageng, lan asta Paduka ingkang kaegaraken. Boten wonten barang ingkang mokal kagem Paduka!
18 Paduka ingkang ngatingalaken sih-susetya Paduka dhateng tiyang ewon-ewon, ingkang malesaken dosanipun bapa dhateng anak-anakipun ing sapengkeripun. Dhuh Gusti Allah ingkang agung tuwin kuwaos, asma Paduka punika ingkang sinebut Sang Yehuwah, Gustinipun ingkang sarwa dumados.
19 Agung rancangan Paduka saha agung pakaryan Paduka; tingal Paduka ngudaneni sadaya tindak-tanduking anakipun manungsa lan paring ganjaran dhumateng saben tiyang timbang kaliyan tindak-tanduk miwah wohing pandamelipun.
20 Paduka punika ingkang ngatingalaken pratandha tuwin kaelokan wonten ing tanah Mesir, ngantos dumugi ing dinten punika dhateng Israel lan dhateng umat manungsa, temah asma Paduka kasuwur, kados ingkang kacetha ing dinten punika.
21 Paduka sampun ngentasaken umat Paduka Israel saking tanah Mesir klayan pratandha tuwin kaelokan, srana asta ingkang rosa saha kaacungaken, sarta kanthi pagiris ingkang ngebat-ebati.
22 Punapadene Paduka sampun maringi tanah punika kados ingkang Paduka prasetyakaken klayan supaos, dhateng para leluhuripun, bilih badhe Paduka paringaken, tanah ingkang luber puwan saha maben.
23 Wasana sami mlebet ing tanah punika, ingkang lajeng dipunejegi, nanging sami boten ngestokaken dhateng dhawuh Paduka, boten miturut dhateng Toret Paduka; sami boten nglampahi sadaya ingkang Paduka dhawuhaken, supados dipun lampahi. Milanipun Paduka ndhawahaken sadaya bilai punika.
24 Lah, tembok-tembok ingkang badhe kadamel ngepang lan mbedhah kitha punika sampun celak; kalayan pedhang, pailan lan pageblug kitha punika sampun dipun ulungaken dhateng tiyang Kasdim ingkang sami nempuh. Ingkang Paduka ngandikakaken punika sampun kaleksanan; Paduka piyambak sampun nguningani.
25 Ewadene Paduka, dhuh Pangeran Yehuwah, sampun ngandika dhateng kawula: Pategalan iku tukunen kalawan salaka sarta seksekna. -- Mangka kitha punika sampun kaulungaken dhateng tanganipun tiyang Kasdim.”
26 Pangandikane Sang Yehuwah marang Nabi Yeremia mangkene:
27 “Sanyatane, Ingsun iki Yehuwah, Gusti Allahe sakehing titah; apa ana barang kang mokal tumrap Ingsun?
28 Mulane mangkene pangandikane Sang Yehuwah: Lah, Ingsun maringake kutha iki marang tangane wong Kasdim lan marang Nebukadnezar, ratu ing Babil, lan dheweke bakal mbedhah kutha iki.
29 Kutha iki bakal kaobong lan kadadekake areng dening wong Kasdim kang merangi, dalah omah-omah kang payone kanggo papan kekutug nyembah marang brahala Baal lan kanggo gawe sesajen omben-omben marang allah liyane, kanggo nukulake gerahing galihingSun.
30 Amarga wong Israel lan wong Yehuda mung tansah nglakoni kang ala ana ing ngarsaningSun wiwit nom-noman mula, sanyata, wong Israel mung tansah nuwuhake gerahing panggalihingSun srana panggawening tangane, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah --.
31 Lan kutha iki wiwit madege nganti saprene tansah marakake duka lan mulad-mulading bebenduningSun, mulane mesthi Sunbengkas saka ing ngarsaningSun,
32 marga saka sakehing piala kang dilakoni dening wong Israel lan Yehuda, kang nukulake gerahing panggalihingSun, sarta dening para wong iku dhewe, para ratune, para panggedhene, para imame, para nabine, wong Yehuda lan wong kang manggon ing kutha Yerusalem.
33 Wong iku padha nyingkur Ingsun lan ora madhep marang Ingsun, lan sanadyan anggoningSun merdi tanpa kendhat, lumuh ngrungokake lan nanggapi pamerdiningSun.
34 Dewa-dewane kang marakake najis dipapanake ana ing padalemaningSun, kang ing dhuwure asmaningSun sinebut, kanggo najisake iku.
35 Padha ngadegake tengger-tengger pangurbanan kanggo nyembah marang Baal ana ing Lebak Ben-Hinom, sarana ngobong anak-anake lanang lan wadon minangka kurban marang Molokh, kadadekake kurban ing geni, sanadyan Ingsun ora tau ndhawuhake lan babar pisan ora tau tuwuh ana ing panggalihingSun, yaiku bab nindakake kanisthan iki, temah Yehuda tumiba ing dosa.
36 Mulane mangkene pangandikane Sang Yehuwah, Gusti Allahe Israel -- tumrap kutha iki kang kokarani: wus diulungake marang tangane ratu ing tanah Babil, marga saka pedhang, pailan lan pageblug:
37 Sanyatane, Ingsun ngempalake para wong iku saka ing sakehing nagara, papan anggoningSun mbuyarake marga saka dukaningSun, mulad-mulading bebenduningSun lan gedhening pamuringingSun, lan Ingsun bakal ngulihake para wong iku mrene lan Sundamel tentrem pamanggone.
38 Para wong iku padha dadi umatingSun lan Ingsun jumeneng dadi Gusti Allahe.
39 Karo maneh Ingsun bakal maringi padha tunggal budi lan tunggal tindak-tanduk, temah padha sumuyud marang Ingsun ing sauruting jaman murih becike saturun-turune besuk.
40 Ingsun bakal damel prasetyan langgeng kalawan umatingSun iku, manawa Ingsun ora bakal nilar, nanging bakal damel becik. Ingsun bakal paring ati kang wedi-asih marang Ingsun, supaya aja ngedohi Ingsun.
41 Ingsun bakal karenan damel becik marang wong-wong iku, marga saka wong-wong iku, sarta Sundamel tuwuh ana ing nagara kene kalawan setya, kalawan gumolonging galih lan gumolonging nyawaningSun.
42 Amarga mangkene pangandikane Sang Yehuwah: “Kayadene anggoningSun ndhatengake sakehing kasangsaran kang ngebat-ebati marang bangsa iki, iya kaya mangkono uga anggoningSun ndhatengake kabegjan, kang wus Sunprasetyakake.
43 Wong bakal tuku palemahan maneh ana ing nagara kene, kang kokarani: Iku papan cengkar kang ora didunungi manungsa lan kewan, iku wus diulungake marang ing tangane wong Kasdim!
44 Wong bakal tuku pategalan kalawan salaka, nulis layang bab doltinuku kang ingecap lan sineksekake ana ing tlatah Benyamin, ing sakubenge Yerusalem, ing kutha-kuthane Yehuda, ing kutha-kutha Pagunungan lan ing kutha-kutha ing Tanah Negeb. Amarga Ingsun bakal mulihake kaanane para wong iku. Mangkono pangandikane Sang Yehuwah.”