5 “Sadurunge Ingsun nggatra sira ana ing guwa-garbane biyungira, Ingsun wus nguningani sira,lan sadurunge sira metu saka ing wetengan, Ingsun wus nyengker sira,Ingsun wus netepake sira dadi nabine sakehing bangsa.”
6 Dene unjuk wangsulanku: “Dhuh Pangeran Yehuwah! Sajatosipun kawula punika boten saged wicanten, awit kawula taksih nem.”
7 Ewadene Sang Yehuwah ngandika marang aku:“Sira aja matur: Kawula punika taksih enem,nanging menyanga enggone sapa bae sira Sunutus, sira kudu mangkat,lan apaa bae kang Sundhawuhake marang sira, kudu sira tekakake.
8 Aja sira wedi marang wong-wong iku,amarga Ingsun nganthi sira supaya ngluwari sira,mangkono dhawuh pangandikane Sang Yehuwah.”
9 Sang Yehuwah tumuli mulung astane lan ndumuk cangkemku; Sang Yehuwah ngandika marang aku:“Lah Ingsun maringake dhawuhingSun ana ing cangkemira.
10 Wruhanira, ing dina iki Ingsun njujung sira dadi ana ing sadhuwuring bangsa-bangsa lan karajan-karajan,supaya mbedhol lan ngrubuhake, ngrusak lan nggempuri,apadene mbangun lan nandur.”
11 Sawise iku ana pangandikane Sang Yehuwah marang aku mangkene: “He Yeremia, apa sing sira deleng?” Unjukku: “Kawula ningali wit saked.”