8 Aja sira wedi marang wong-wong iku,amarga Ingsun nganthi sira supaya ngluwari sira,mangkono dhawuh pangandikane Sang Yehuwah.”
9 Sang Yehuwah tumuli mulung astane lan ndumuk cangkemku; Sang Yehuwah ngandika marang aku:“Lah Ingsun maringake dhawuhingSun ana ing cangkemira.
10 Wruhanira, ing dina iki Ingsun njujung sira dadi ana ing sadhuwuring bangsa-bangsa lan karajan-karajan,supaya mbedhol lan ngrubuhake, ngrusak lan nggempuri,apadene mbangun lan nandur.”
11 Sawise iku ana pangandikane Sang Yehuwah marang aku mangkene: “He Yeremia, apa sing sira deleng?” Unjukku: “Kawula ningali wit saked.”
12 Pangandikane Sang Yehuwah marang aku: “Bener pandelengira, amarga Ingsun wus arep nindakake dhawuh pangandikaningSun.”
13 Dhawuh pangandikane Sang Yehuwah kang kapindhone marang aku: “Apa kang sira deleng?” Atur wangsulanku: “Kawula ningali kendhil ingkang umob, dhatengipun saking sisih ler.”
14 Sang Yehuwah nuli ngandika marang aku:“Saka ing sisih lor bakal ana bilaikang ngamuk nempuh sakehing wong kang manggon ing nagara kene.