3 Kang padha dieringi para bangsa iku tanpa guna.Brahala iku rak kayu kang ditegor ing wong ana ing alas,kang digarap klawan tatah dening tangane tukang kayu?
4 Kang direngga-rengga klawan emas lan salaka,lan dikukuhake sarana paku lan palu,supaya aja moyag-mayig.
5 Brahala iku kayadene wong-wongan ing kebon timun,ora bisa guneman,kudu dijunjung ing wong,amarga ora bisa lumaku.Aja kokwedeni,amarga brahala iku ora bisa manggawe alalan gawe becik iya ora bisa.”
6 Boten wonten ingkang nyameni Paduka, dhuh Yehuwah!Paduka punika agung lan asma Paduka agungmargi Paduka punika prakosa.
7 Dhuh Rajanipun para bangsa,sinten ingkang boten ajrih dhumateng Paduka?Sayektos, sampun samesthinipun tiyang ajrih dhumateng Paduka,amargi ing antawisipun para wicaksana panunggilanipun para bangsa,saha ing antawisipun para ratunipun,boten wonten ingkang nyameni Paduka!
8 Brahala iku kabeh bodho lan gemblung,piwulange dewa iku tanpa guna,awit iku mung kayu walaka.
9 Salaka blebekan digawa saka ing Tarsislan emas saka ing Ufas;brahala iku gaweane tukang lan gaweaning tangane kemasan.Sandhangane jarit wungu tuwa lan wungu nom,kabeh gaweane para ahli.