17 Sang Yehuwah, Gustining kang sarwa dumadi, kang damel sira tuwuh, wus netepake bilai tumrap ing sira, jalaran saka duraka kang dilakoni dening tedhak turune Israel lan Yehuda kanggo gawe gerahing galihingSun sarana anggone kekutug marang Baal.”
18 Sang Yehuwah wus paring sumurup marang aku, temah aku ngreti; ing wekdal punika Paduka, dhuh Yehuwah, lajeng nedahaken pandamelipun tiyang punika dhumateng kawula.
19 Nanging kawula rumiyin kados cempe ingkang tutut ingkang kagiring badhe dipun pragat, kawula boten mangretos, manawi sami sekuthon ngarah nyawa kawula, wicantenipun: “Payo kita padha ngrusak wit iki lan sawoh-wohe pisan! Payo iki disirnakake saka ing tanahe wong urip, temah jenenge ora kocap maneh.”
20 Nanging, dhuh Sang Yehuwah, Gustining kang sarwa dumados, ingkang jumeneng hakim ingkang adil,ingkang ndadar batos lan manah,kawula mugi nyumerepana piwales Paduka dhateng tiyang-tiyang punika,amargi kawula sampun ngaturaken prakawis kawula wonten ing ngarsa Paduka.
21 Mulane mangkene pangandikane Sang Yehuwah tumrap wong-wong ing Anatot, kang ngarah nyawaku, kanthi celathune: “Aja memeca demi asmane Sang Yehuwah, supaya kowe aja nganti mati dening tanganku!”
22 Mulane mangkene pangandikane Sang Yehuwah, Gustining kang sarwa dumadi: “Lah, Ingsun bakal ngukum wong-wong iku: para nom-nomane bakal padha mati dening pedhang, anak-anake lanang lan wadon bakal padha mati kaliren.
23 Ora ana kang lestari urip, amarga Ingsun bakal ndhatengake bilai marang para wong Anatot, ing taun tumibane paukumane.”