6 Pangandikane Sang Yehuwah marang aku mangkene: “Undhangna sakehe pangandika iki ana ing kutha-kuthane Yehuda lan ing lurung-lurunge Yerusalem, mangkene: Rungokna surasane prasetyan iki sarta lakonana!
7 Amarga Ingsun wus mawanti-wanti ngelingake marang para leluhurira, nalika padha Sunluwari saka ing tanah Mesir, tumeka saprene Ingsun tansah ngelingake: Rungokna dhawuhingSun!
8 Ewadene padha emoh ngrungokake lan nggatekake, nanging siji-sijine malah padha nekad nuruti atine kang ala; Ingsun wus ndhatengake sakehing surasane prasetyan iki, kang wus Sundhawuhake murih ditetepana, nanging padha ora ngestokake.”
9 Pangandikane Sang Yehuwah marang aku: “Panunggalane wong Yehuda lan wong isining kutha Yerusalem tinemu padha sekuthon nglakoni ala.
10 Wong iku wus padha mbaleni pialaning para leluhure, kang wus padha lumuh ngrungokake dhawuhingSun. Padha ngetutwuri allah liyane lan dibekteni. Para turune Israel lan Yehuda wus padha nyelaki prasetyaningSun, kang Sundamel karo para leluhure.
11 Mulane mangkene pangandikane Sang Yehuwah: Lah, Ingsun bakal ndhawahake bilai marang bangsa iki, kang ora bisa dioncati lan samangsa sesambat marang Ingsun ora bakal Sunpidhangetake.
12 Lan sanadyan kutha-kuthane Yehuda lan wong isine Yerusalem padha sesambat marang allahe kang disembah sarana kurban obaran, nanging allah iku babar pisan ora bisa mitulungi, nalika padha tinempuh ing bilai.