1 Mangkene pangandikane Sang Yehuwah marang aku: “Lungaa tuku sabuk lena, sarta ubedna ing lambungira, nanging aja sira celup ing banyu!”
2 Aku tumuli tuku sabuk kaya dhawuhe Sang Yehuwah sarta dakubedake ing lambungku.
3 Sawuse mangkono Sang Yehuwah ndhawuhake maneh:
4 “Sabuk anggonira tuku lan kang sira anggo iku uculana! Menyanga ing bengawan Efrat sabuk iku umpetna ana ing lowahaning parang.”
5 Aku tumuli lunga lan ngumpetake sabuk mau kaya dhawuhe Sang Yehuwah marang aku.