13 Ing kono sira dhawuhana maneh: Mangkene pangandikane Sang Yehuwah: Lah, sakehing wong ing nagara iki dalah para raja kang lungguh ing dhampare Dawud, para imam lan para nabi, apadene sakehe wong ing kutha Yerusalem bakal Sunendemi,
14 tuwin bakal Sunadukumba nganti remuk; para bapa karo anak-anake, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah. -- Ingsun bakal nyirnakake wong-wong iku, ora Sunwelasi, ora Suneman lan ora Sunapura.”
15 Mara rungokna, nilingna, aja gumunggung,amarga Sang Yehuwah wus ngandika.
16 Sang Yehuwah, Gusti Allahmu iku luhurna,sadurunge Panjenengane ndadosake dina dadi peteng,sadurunge sikilmu kesandhung ana ing gunung-gunung,ing wanci repet-repet,ing sajrone kowe ngarep-arep padhang,nanging Panjenengane ndadosake padhang dadi peteng banget,dadi peteng ndhedhet.
17 Manawa kowe padha lumuh ngrungokake,aku bakal nangis ana ing pasingidan marga saka gumunggungmu,luhku bakal kembeng-kembeng,malah nganti crocosan,jalaran pepanthaning wedhuse Sang Yehuwahdigiring dadi boyongan.
18 Sira matura marang Sang Prabu lan Sang Prameswari Ibu mangkene:“Kawula aturi lenggah ing papan ingkang andhap piyambak,amargi makuthaning kaluhuran paduka sampun rentah saking mastaka paduka!”
19 Kitha-kitha ing Tanah Negeb sampun dipun inebaken gapuranipun,lan boten wonten tiyang satunggal-tunggala ingkang ngengakaken.Yehuda sampun kabucal sadayakabandhang dhateng pambucalan sadaya.