2 Aku tumuli tuku sabuk kaya dhawuhe Sang Yehuwah sarta dakubedake ing lambungku.
3 Sawuse mangkono Sang Yehuwah ndhawuhake maneh:
4 “Sabuk anggonira tuku lan kang sira anggo iku uculana! Menyanga ing bengawan Efrat sabuk iku umpetna ana ing lowahaning parang.”
5 Aku tumuli lunga lan ngumpetake sabuk mau kaya dhawuhe Sang Yehuwah marang aku.
6 Sawuse sawatara mangsa Sang Yehuwah ngandika marang aku: “Enggal lungaa menyang ing bengawan Efrat, sabuk kang Sundhawuhake ngumpetake kae jupuken!”
7 Aku nuli mangkat menyang bengawan Efrat, banjur ndhudhuk lan njupuk sabuk iku saka papane anggonku ngumpetake, nanging jebul iku wus mbebret, ora ana gunane kanggo apa-apa.
8 Ing kono pangandikane Sang Yehuwah marang aku: