1 Pangandikane Sang Yehuwah marang Nabi Yeremia bab mangsa ngerak.
2 Yehuda ngrudatin,gapurane padha ambruk,lan katon memelas njepaplang ana ing lemah;pasambate Yerusalem muluk mandhuwur.
3 Para panggedhene padha utusan abdi-abdine golek banyu,padha tekan ing sumur-sumur,nanging ora oleh banyu,satemah padha bali kalawan kendhi-kendhi kang isih kothong.Padha isin, polatane kucem,temah sirahe dikudhungi.
4 Pagawean ing pategalan wus kandheg,amarga ora ana udan ing nagara,satemah wong tani padha kegelan lan sirahe dikudhungi.
5 Malah ana menjangan ing ara-arakang ninggal lunga anake kang lagi lair,awit ora ana suket nom.