Yeremia 14:11-17 JAV

11 Sang Yehuwah ngandika marang aku: “Sira aja ndedonga amrih becike bangsa iki!

12 Sanadyan padha puwasa Ingsun ora bakal miyarsakake; sanadyan padha ngaturake kurban obaran lan kurban dhaharan, Ingsun ora bakal karenan marang bangsa iki, nanging Ingsun bakal numpes bangsa iki kalawan pedhang, pailan lan pageblug.”

13 Aku banjur munjuk: “Dhuh Pangeran Yehuwah! Para nabi rak sampun nyariyosi dhateng tiyang-tiyang punika: Sira ora bakal padha ngalami perang lan ora bakal katempuh ing pailan, nanging sira bakal Sunparingi tentrem rahayu, kang santosa ana ing kene!”

14 Paring wangsulane Sang Yehuwah marang aku: “Para nabi iku padha meca goroh atas asmaningSun! Ingsun ora ngutus lan paring dhawuh sarta ora paring pangandika marang para wong iku. Wong iku padha nglairake wangsit goroh, pamecane kang kothong lan akal culikaning atine dhewe.

15 Mulane pangandikane Sang Yehuwah tumrap para nabi kang padha meca demi asmaningSun, -- mangka Ingsun ora ngutus wong-wong iku, lan kang kandha: Ing kene ora bakal ketekan perang lan pailan -- : Para nabi iku dhewe kang bakal tumpes dening perang lan pailan!

16 Lan bangsa kang padha diwecani iku bakal padha mati gelangsaran ana ing lurung-lurunge Yerusalem marga saka perang lan pailan, lan ora ana wong kang bakal mendhem wong-wong iku: iya wong-wong iku dhewe, bojone sarta anak-anake lanang lan wadon. Kaya mangkono anggoningSun bakal nempuhake pialane marang wong-wong iku.”

17 Kandhakna tembung iki marang wong-wong iku:“Luhku crocosanrina-wengi tanpa kendhat,awit kenya, putrining bangsaku, kataton banget,tatune ora bisa ditambani babar pisan.