1 Sang Yehuwah ngandika marang aku: “Sanadyan Musa lan Samuel seba ana ing ngarsaningSun, galihingSun ora bakal bali maneh marang bangsa iku. Tundhungen saka ngarsaningSun kareben lunga!
2 Lan saupama padha takon marang sira: Kula sami kadhawuhan kesah dhateng pundi? wangsulana mangkene: Mangkene pangandikane Sang Yehuwah:Sing marang pati, maranga ing pati!Sing marang pedhang, maranga ing pedhang!Sing marang pailan, maranga ing pailan!Sing menyang tawanan, menyanga ing tawanan!
3 Ingsun bakal ndhatengake paukuman patang warna, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah --: pedhang kang memateni, asu-asu kang ngeret-eret, manuk-manuk ing awang-awang lan kewan-kewan ing bumi, kang padha mangsa lan ngrusak.
4 Kanthi patrap mangkono wong iku bakal padha Sundamel pangewan-ewan tumrap sakehing karajan ing donya, jalaran saka panggawene Manasye bin Hizkia, ratu Yehuda, ing Yerusalem.”
5 “He Yerusalem, sapa kang bakal duwe welas marang sira,lan sapa kang bakal bela sungkawa marang sira?Sapa kang bakal ngampiri nakokake mungguh ing kaslametanira?
6 Sira dhewe wus nampik Ingsun, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah --,sarta wus lunga nyingkur Ingsun.Mulane Ingsun ngayatake astaningSun lan numpes sira;Ingsun wus kesel anggoningSun ngraosake piduwung.
7 Ingsun napeni wong-wong iku kalawan tampahana ing kutha-kuthaning nagara.Ingsun wus ndadekake umatingSun padha kelangan anak lan padha Suntumpes,amarga ora padha mratobat saka polah tingkahe.