11 Saestu, dhuh Sang Yehuwah, kawula sampun ngladosi Paduka kalayan tumemen sanget,lan sampun mbelani mengsah wonten ing ngarsa Padukaing wekdal nandhang bilai lan karupekan!
12 Apa wong bisa mutung wesi, wesi saka ing tanah lor lan tembaga?
13 “Kasugihan lan rajabrananirabakal Sunulungake dadi rayahan,minangka ganjaran tumrap sakehing dosaniraana ing saindenging tlatahira.
14 Sira bakal Sundadekake kawulane mungsuhira,ana ing nagara kang ora sira sumurupi,amarga bebenduningSun wus metokake geni,kang mulad-mulad ngenani sira.”
15 Dhuh Sang Yehuwah, Paduka sampun nguningani bab punika,mugi ngengetana lan nggaliha dhumateng kawula;Paduka mugi karsaa malesaken kawulatumrap tiyang ingkang sami mbujeng kawula.Sampun ngantos Paduka kendelaken kawula dipun pendhet,amargi agenging kasabaran Paduka,mugi Paduka uningani, bilih anggen kawula cinampahan punika margi saking Paduka.
16 Samangsa kawula pinanggih kaliyan sabda pangandika Paduka,lajeng kawula raosaken nikmatipun;pangandika Paduka punika dados kabingahan kawulasaha nyenengaken manah kawula,amargi asma Paduka sinebut tumrap kawula,dhuh Sang Yehuwah, Gustinipun ingkang sarwa dumados.
17 Kawula boten nate jejagongan tumut seneng-senengkaliyan para tiyang ingkang sami gegujengan,amargi kawula kapetel dening asta Paduka,kawula lajeng linggih piyambakanawit Paduka sampun ngebaki nepsu manah kawula.