7 Ingsun napeni wong-wong iku kalawan tampahana ing kutha-kuthaning nagara.Ingsun wus ndadekake umatingSun padha kelangan anak lan padha Suntumpes,amarga ora padha mratobat saka polah tingkahe.
8 Randha-randhane wus Sundadekake akeh ngluwihicacahe wedhining sagara.Ingsun ndhatengake juru pangrusak tumrap para biyunglan nom-nomane ing wayah awan.Kanthi dadakan Sundhawahi pagiris lan horeg.
9 Wong wadon kang wus manak kaping pitu katon nglayung, napase sesek,tumrap dheweke srengenge wus surupsanadyan ing wayah awan,sarta nandhang wirang isin.Kekarene bakal Sunulungake marang pedhang ana ing ngareping mungsuhe.Mangkono pangandikane Sang Yehuwah.”
10 Cilaka kula punika, dhuh ibu, dene panjenengan nglairaken kula,tiyang ingkang dados wijining pabenlan garejegan tumrap tiyang sanagari.Kula sanes tiyang ingkang nyambutakenutawi tiyang ingkang nyambut dhateng sinten-sintena,nanging sadaya sami nyupaosi kula.
11 Saestu, dhuh Sang Yehuwah, kawula sampun ngladosi Paduka kalayan tumemen sanget,lan sampun mbelani mengsah wonten ing ngarsa Padukaing wekdal nandhang bilai lan karupekan!
12 Apa wong bisa mutung wesi, wesi saka ing tanah lor lan tembaga?
13 “Kasugihan lan rajabrananirabakal Sunulungake dadi rayahan,minangka ganjaran tumrap sakehing dosaniraana ing saindenging tlatahira.