Yeremia 16:11-17 JAV

11 ing kono padha sira dhawuhana mangkene: Amarga para leluhurira wus padha nyingkur Ingsun, lan wus padha ngetutwuri allah liyane klawan ngibadah lan sujud nyembah marang iku, wus padha nyingkur marang Ingsun lan ora netepi angger-anggeringSun, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah --.

12 Lan sira dhewe wus padha nglakoni kang alane ngluwihi leluhurira! Lah sira wus nuruti tekade atinira kang ala, sarta ora ngrungokake dhawuhingSun.

13 Mulane Ingsun bakal mbuwang sira saka ing nagara iki menyang ing nagara, kang ora sira sumurupi lan iya durung disumurupi leluhurira. Ana ing kana sira bakal ngabekti marang allah liyane rina-wengi, amarga Ingsun ora bakal paring sih-piwelas marang sira maneh.

14 Mulane lah bakal tumeka ing wektune wus ora ana tembung mangkene maneh: Demi Sang Yehuwah agesang, kang ngentasake wong Israel saka ing tanah Mesir, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah --,

15 nanging kasalinan: Demi Sang Yehuwah agesang, kang nganthi bangsa Israel metu saka ing tanah lor lan saka ing sakehing nagara, ing ngendi tibane anggone Sang Yehuwah mbuyarake, marga bakal Sunulihake menyang ing tanah, kang Sunparingake marang para leluhure.

16 Lah Ingsun bakal nimbali juru amek iwak akeh, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah --, kang bakal nyekeli wong iku. Sawuse iku Ingsun ndhawuhi grema akeh kang mbujung wong iku saka ing sakehe gunung-gunung lan tengger-tengger sarta saka ing lowah-lowahing parang.

17 Amarga Ingsun wus nguningani polah-tingkahe kabeh; iku kabeh Ingsun ora kesamaran lan dosane ora kaling-kalingan ana ing paningalingSun.