17 Paduka sampun ngantos dados pagiris tumrap kawula,Paduka punika dados pangauban kawula ing dinten bilai.
18 Para tiyang ingkang sami mbujeng kawula,kajengipun nandhang wirang,nanging kawula sampun ngantos kawirangan;kajengipun sami giris,nanging kawula sampun ngantos giris.Dintening bilai nempuha dhateng para tiyang punika,saha sami Paduka sirnakna ngantos tikel.
19 Mangkene pangandikane Sang Yehuwah marang aku: “Sira lungaa lan ngadega ana ing Gapura Anak Rakyat, kang diliwati mlebu metu dening raja-raja ing Yehuda, apadene ing sakehing gapura ing Yerusalem.
20 Wong-wong iku padha sira dhawuhana mangkene: Dhuh para raja Yehuda, sakathahing tiyang Yehuda lan sakathahing tiyang Yerusalem ingkang mlebet medal langkung ing gapura punika! Sami mirengna pangandikanipun Sang Yehuwah!
21 Makaten pangandikanipun Sang Yehuwah: Sira padha diprayitna demi nyawanira! Aja memikul ing dina Sabat lan nggegawa iku ngliwati gapura-gapurane Yerusalem!
22 Aja nggawa barang metu saka ing omahira ing dina Sabat lan aja nglakoni pagawean apa bae, nanging dina Sabat iku sira sucekna kaya kang wus Sundhawuhake marang leluhurira.
23 Ewadene para leluhurira padha ora ngrungokake, lan ora nggatekake, nanging padha nekad mbeguguk, temah ora ngrungokake lan ora gelem nampani pepeling.