5 Mangkene pangandikane Sang Yehuwah:“Kenaa ing ipat-ipat wong kang ngandelake marang manungsa lan karosane dhewe,sarta kang atine ngadoh saka Sang Yehuwah!
6 Dheweke bakal kaya rerungkudan brindhiling ara-ara samun,ora bakal ngrasakake tekaning kaanan kang becik;bakal manggon ing tanah garing ing pasamunan,ing tanah asin kang suwung.
7 Binerkahan wong kang kumandel marang Sang Yehuwah,lan pangarep-arepe marang Sang Yehuwah!
8 Dheweke bakal kaya wit kang tinandur ana ing pinggiring banyu,kang oyod-oyode mrambat ing pinggiring kali,lan kang ora ngalami tekane panas sumelet,godhonge ajeg ijo,ora samar ing mangsa ngerak lan tanpa kendhat metokake woh.
9 Ati iku culika banget,luwih culika katimbang apa bae,atine wis kaya watu:sapa kang bisa nyumurupi kaanane?
10 Ingsun, Yehuwah, kang niti-priksa ati,kang ndadar batining manungsa,lan banjur males marang saben wong,kang timbang karo polah-tingkahe, lan wohing panggawene.”
11 Kayadene ayam-alas kang ngengremi dudu endhoge,mangkono kaanane wong kang ngeruk bandha,kanthi patrap kang ora kalal;nalika nedheng-nedhenge umure,bakal koncatan sakabehe,temah ing wekasaning umurekesuwur dadi wong gemblung.