1 Pangandikane Sang Yehuwah marang Nabi Yeremia mangkene:
2 “Enggal lungaa menyang omahe kundhi! Ana ing kana sira bakal Sunwedhari pangandikaningSun marang sira.”
3 Aku banjur mangkat menyang omahe kundhi lan kabeneran dheweke pinuju gawe grabah kalawan pirantine.
4 Samangsa grabah kang saka lempung kang ana ing tangane iku rusak, kundhi mau banjur mangun grabah iku maneh kadadekake grabah liyane, kang inganggep becik manut wawasane.
5 Nuli pangandikane Sang Yehuwah marang aku mangkene:
6 “He turune Israel! Apa Ingsun ora bisa tumindak tumrap sira kaya kundhi iku, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah --. Lah kayadene lempung kang ana ing tangane si kundhi iku, mangkono uga sira ana ing astaningSun, he turune Israel!