3 Aku banjur mangkat menyang omahe kundhi lan kabeneran dheweke pinuju gawe grabah kalawan pirantine.
4 Samangsa grabah kang saka lempung kang ana ing tangane iku rusak, kundhi mau banjur mangun grabah iku maneh kadadekake grabah liyane, kang inganggep becik manut wawasane.
5 Nuli pangandikane Sang Yehuwah marang aku mangkene:
6 “He turune Israel! Apa Ingsun ora bisa tumindak tumrap sira kaya kundhi iku, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah --. Lah kayadene lempung kang ana ing tangane si kundhi iku, mangkono uga sira ana ing astaningSun, he turune Israel!
7 Terkadhang ana dhawuhingSun tumrap ing sawijining bangsa utawa karajan, manawa Ingsun karsa mbedhol, mbubrah lan mbengkas iku.
8 Nanging manawa bangsa, kang wus Sundhawuhake kaya mangkono mau mratobat saka ing pialane, Ingsun temah dadi keduwung, dene Ingsun kok bakal ndhawahake bilai kang wus Sunrancang tumrap bangsa iku.
9 Terkadhang Ingsun ngandika bab sawijining bangsa utawa nagara, menawa Ingsun karsa mbangun lan nanem iku.