12 He langit, kaebatana marga saka kang kaya mangkono iku,ndhredhega lan gumetera kang luwih banget,mangkono pangandikane Sang Yehuwah.
13 Amarga umatingSun nglakoni dosa kaping pindho:padha nyingkur Ingsun,kang dadi tuking banyu urip,nedya ndhudhuk blumbang kanggo awake dhewe,yaiku blumbang kang borot, kang ora bisa madhahi banyu.
14 Israel iku batur tukon, apa anaking batur?Geneya kok dadi jarahan?
15 Singa nom padha nggero marang bangsa iku,kalawan swara kang dumeling,tanahe didadekake cengkar,kutha-kuthane diobongi, ora dienggoni maneh.
16 Dalasan para wong ing Memfis lan Takhpanhespadha nggundhuli pathaking sirahira.
17 Rak sira dhewe kang njalari sira ketamankang kaya mangkono iku,amarga sira nyingkur Sang Yehuwah, Gusti Allahira,nalika Panjenengane ngirid sira ana ing dedalan?
18 Lah saiki, apa oleh-olehanira anggonira lunga menyang ing Mesir,apa arep ngombe banyune bengawan Nil?Lan apa bathinira anggonira lunga menyang ing Asyur,apa arep ngombe banyune bengawan Efrat?