17 Rak sira dhewe kang njalari sira ketamankang kaya mangkono iku,amarga sira nyingkur Sang Yehuwah, Gusti Allahira,nalika Panjenengane ngirid sira ana ing dedalan?
18 Lah saiki, apa oleh-olehanira anggonira lunga menyang ing Mesir,apa arep ngombe banyune bengawan Nil?Lan apa bathinira anggonira lunga menyang ing Asyur,apa arep ngombe banyune bengawan Efrat?
19 Pialanira bakal ngrangket sira,lan pamurtadira bakal nyiksa sira!Wruhanira lan waspadakna, sapira ala lan perihesira nyingkur Sang Yehuwah, Gusti Allahira iku;sarta ora gumeter wedi marang Ingsun,mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah, Gustining sarwa dumadi.
20 Amarga wiwit biyen mula anggonira mutungi pasanganiralan medhoti talining cancanganira,sarta kandha: Aku emoh ngawula maneh.Malah ana ing saben tetengger kang munggul,lan ana ing sangisoring wit kang ngrembuyung,sira teturon lan laku jina.
21 Ewadene sira Suntuwuhake dadi wit anggur pilihan,lan dadi wiji kang murni satuhu.Yagene ta, dene sira kok malih dadi wit kang mambu penguk,dadi wit anggur alasan!
22 Malah, sanadyan sira adusa ing banyu landhalan nganggo sabun akeh,ewadene blentonging kaluputanira ora ilangana ing paningalingSun,mangkono pangandikane Gusti Allah.
23 Kapriye dene sira kok wani ngucap: Aku ora tau najisake awakku,aku ora tau ngetutwuri para Baal?Delengen tindak-tandukira ana ing lebak,kawruhana apa kang wus sira lakoni;he, unta wadon kang cancingan lan mloya-mlayu mrana-mrene,