Yeremia 2:2-8 JAV

2 “Mangkata ngandhanana wong saisining Yerusalem: Mangkene pangandikane Sang Yehuwah:Ingsun kengetan marang katresnanira ing wektu nom-nomanira,marang katresnanira nalika sira dadi temanten,anggonira ngetutwuri Ingsun ana ing ara-ara samun,ing tanah kang ora ana tetuwuhane.

3 Ing nalika samana Israel dadi sesengkerane Sang Yehuwah,minangka woh kawitan saka panenane.Sakehe wong kang mangan mesthi kaluputan,tinempuh ing bilai,mangkono pangandikane Sang Yehuwah.

4 He tedhak turune Yakub, rungokna pangandikane Sang Yehuwah,he sakehe kulawargane tedhak turune Israel.

5 Mangkene pangandikane Sang Yehuwah:Para leluhurira ngalami kaculikan apa saka Ingsundene padha ngedohi Ingsun,lan banjur ngetutwuri dewa kang tanpa paedahtemah padha ora oleh apa-apa?

6 Sarta kok padha ora takon maneh: Ana ing ngendi Sang Yehuwah,kang ngirid kita metu saka ing tanah Mesir;kang nganthi kita ana ing ara-ara samun,ing tanah kang cengkar lan legak-legok,ing tanah kang luwih dening garing lan peteng,ing tanah kang ora diambah ing wonglan ora didunungi ing manungsa?

7 Sira wus Sunirid menyang ing tanah kang loh,supaya ngrasakna wohe lan sapametune kabehkang becik saka ing kono.Nanging bareng sira wus lumebu ing tanahingSun,iku sira najisake,tanah kagunganingSun sira dadekake jejember.

8 Para imam ora takon maneh:Sang Yehuwah ana ing ngendi?Para wong kang nyekel angger-angger wus ora wanuh marang Ingsun maneh,lan para pangon padha nyingkur Ingsun.Para nabi padha memeca demi Baal,padha ngetutwuri marang kang tanpa guna.