20 Amarga wiwit biyen mula anggonira mutungi pasanganiralan medhoti talining cancanganira,sarta kandha: Aku emoh ngawula maneh.Malah ana ing saben tetengger kang munggul,lan ana ing sangisoring wit kang ngrembuyung,sira teturon lan laku jina.
21 Ewadene sira Suntuwuhake dadi wit anggur pilihan,lan dadi wiji kang murni satuhu.Yagene ta, dene sira kok malih dadi wit kang mambu penguk,dadi wit anggur alasan!
22 Malah, sanadyan sira adusa ing banyu landhalan nganggo sabun akeh,ewadene blentonging kaluputanira ora ilangana ing paningalingSun,mangkono pangandikane Gusti Allah.
23 Kapriye dene sira kok wani ngucap: Aku ora tau najisake awakku,aku ora tau ngetutwuri para Baal?Delengen tindak-tandukira ana ing lebak,kawruhana apa kang wus sira lakoni;he, unta wadon kang cancingan lan mloya-mlayu mrana-mrene,
24 kang mbedhal mlayu menyang ing ara-ara samun,amarga kepengin ngisis!Sapa kang bisa ngampah anggone kasmaran?Kabeh kang nggoleki dheweke, ora prelu rekasa,bakal padha ketemu ing mangsa jejodhoan.
25 Jaganen, supaya sikilira aja nganti ora nganggo trumpah,lan gorokanira aja nganti kasatan!Nanging sira ngucap: Tanpa gina! Tanpa gina!Amargi kawula remen dhateng tiyang-tiyang ngamanca,mila kawula badhe ngetutwingking tiyang-tiyang punika.
26 Kayadene wiranging maling kang konangan,mangkono anggone turune Israel kawirangan,yaiku para ratune, panggedhene, para imame lan nabine,