29 Apa prelune sira arep bebantahan kalawan Ingsun?Sira kabeh wus padha nyidrani Ingsun,mangkono pangandikane Sang Yehuwah.
30 Tanpa guna anggoningSun nggebagi anak-anakira,pamerdi ora digapepedhangira dhewe wus mangsa para nabinira nganti entek,kaya singa nom kang nyenyempal.
31 Sira iku tedhak turune sapa?Gatekna dhawuh pangandikane Sang Yehuwah!Apa Ingsun wus dadi ara-ara samun tumrap Israelutawa tanah kang peteng ndhedhet?Yagene umatingSun kok ngucap: Kawula sampun mardika,kawula sami boten purun sowan malih dhateng ing ngarsa Paduka?
32 Prawan apa bisa lali marang rerenggane,utawa penganten wadon marang udhete?Nanging umatingSun lali marang Ingsunwiwit ing wektu kang ora kena kaetung lawase.
33 Apik temen anggonira nata dalanirakanggo ngupaya katresnan!Mulane sira wus kepatuh nglakoni piala.
34 Nganti getihe para wong miskin kang ora salah tinemuana ing jubahira!ora nalika padha mbabah arep maling anggone padha sira konangi!Sanadyan kabeh iku mangkono,
35 ewadene sira ngucap: Aku ora gawe dosa!Pancen bebendune wus sumingkir saka aku!Lah, Ingsun arep ngajokake sira menyang ing pangadilan,awitdene sira ngucap: Aku ora gawe dosa!