Yeremia 20:5-11 JAV

5 Uga kasugihane kutha iki, oleh-olehaning rekasane kabeh, samubarang kang pangaji lan raja-branane para raja ing Yehuda bakal Sunulungake marang tanganing mungsuhe, kang njarah-rayah, nglumpukake lan mbandhang iku kabeh menyang Babil.

6 Dene mungguh sira dhewe, he Pasyhur dalah saisine omahira, sira bakal diangkat dadi tawanan, sira bakal teka ing Babil lan bakal mati ana ing kana sarta bakal dikubur ana ing kana; iya sira lan para mitranira kabeh kang padha kokwedhari pameca kang goroh.”

7 Dhuh Sang Yehuwah, Paduka ingkang ngarih-arih kawulalan kawula sampun purun kaarih-arih;Paduka punika rosa sanget tumrap kawula,Paduka nunten nelukaken kawula.Kawula dados gegujengan sadinten muput,sadayanipun sami moyoki kawula.

8 Amargi saben kawula wicanten, kapeksa mbengkok,kedah alok-alok: “Ambeksiya! Paniksa!”Amargi pangandikanipun Sang Yehuwah dados cacadanlan pamoyok tumraping kawula, sadinten muput.

9 Nanging samangsa kawula mosik:“Aku emoh ngelingi Panjenenganelan wegah ngucapake pangandikane maneh atas Asmane!”,ing salebeting manah kawula kados wonten latu murub makantar-kantaringkang pinepetan wonten ing balung kawula,kawula ngantos kesel anggen kawula mbetah-mbetahaken,nanging boten kuwawi.

10 Kawula sampun mireng reraosanipun tiyang kathah:“Pagiris teka saka ing ngendi-endi!Gugaten dheweke! Aku padha arep nggugat dheweke!”Kanca-kanca kenthel kawula piyambaksami ngintip punapa kawula kesandhung lajeng dhawah:“Bokmanawa dheweke kena diglembuk,temah bisa kita kalahake,lan kita bisa nandukake pamales marang dheweke!”

11 Nanging Sang Yehuwah nunggil kaliyan kawulakados sang prawira ingkang prakosa,pramila ingkang mbujeng kawula badhe kesandhung lan dhawah,lan boten saged nindakaken punapa-punapa.Sami badhe nandhang wirang sanget,amargi sami boten angsal damel;punika badhe dados kawirangan,ingkang salaminipun boten saged dipun supekaken!