1 Pangandika kang kadhawuhake Sang Yehuwah marang Nabi Yeremia, nalika Sang Prabu Zedhekia ngutus Imam Pasyhur bin Malkia lan Imam Zefanya bin Maaseya, kanthi wineling mangkene:
2 “Panjenengan mugi karsaa neges dhumateng Sang Yehuwah, amargi Sang Prabu Nebukadnezar, raja ing Babil nempuh perang! Bokmanawi Sang Yehuwah karsa nindakaken tumrap kula sami kadosdene kaelokan ingkang sampun kalampahan, temah Sang Prabu Nebukadnezar wau mundur nilar kula.”
3 Pangandikane Nabi Yeremia marang para utusan mau: “Munjuka marang Sang Prabu Zedhekia mangkene:
4 Pangandikanipun Sang Yehuwah, Gusti Allahipun Israel makaten: Lah Ingsun bakal malik gegamane perang kang sira cekel iku, lan sira anggo nanggulangi perange raja ing Babil lan para wong ing Kasdim, kang ngepung ing sajabaning balowarti: Ingsun bakal nglumpukake gegamane iku ana ing jero kutha iki.
5 Ingsun piyambak bakal perang nglawan marang sira kalawan ngayatake asta, lan bau kang rosa, klawan deduka, sarta bentering bebendu lan bramantya.