Yeremia 21:7-13 JAV

7 Sawuse iku -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah -- Zedhekia, raja ing Yehuda, para punggawane tuwin para wong isining kutha, kekarene kang isih urip, ora tinempuh ing pageblug, pedhang lan paceklik, iku kabeh bakal Sunulungake marang tangane Nebukadnezar, raja ing Babil, yaiku mungsuhe, kang ngarah nyawane, banjur padha dipateni kalawan landheping pedhang tanpa pangeman, piwelas lan pangapura.

8 Nanging para kawula ing kene padha sira warahana mangkene: Pangandikane Sang Yehuwah mangkene: Lah Ingsun nedahake marganing urip lan pati.

9 Sing sapa tetep manggon ana ing kutha kene, bakal mati dening pedhang, paceklik lan pageblug, nanging sing sapa metu saka ing kene lan teluk marang ing Kasdim, kang ngepung sira, iku bakal urip; nyawane bakal kanggo rayahan kanggo para wong iku.

10 Amarga Ingsun wus nglawan kutha iki sarana ndhatengake bilai, lan ora marakake kabegjane; -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah --. Kutha iki bakal Sunulungake marang ing tangane raja ing Babil, kang bakal ngobong kutha iki nganti entek.”

11 Katur dhumateng brayatipun Sang Nata ing Yehuda. Sami midhangetna pangandikanipun Sang Yehuwah:

12 “He para tedhak turune Dawud, -- makaten pangandikanipun Sang Yehuwah --:Saben esuk nindakna putusan kang adil,lan kang direbut wewenange uwalna saka ing tangane kang nyiya-nyiya,supaya mulad-mulading bebenduningSunaja nganti nyamber kaya geni,sarta makantar-kantar,ora ana kang nyirep,marga saka panggawe-panggawenira kang ala!

13 Lah, Ingsun bakal dadi mungsuhira,he kutha kang ana ing lebak,gunung parang kang ana ing tanah ngare, --makaten pangandikanipun Sang Yehuwah --:He sira kang muni: “Sapa kang wani ngudhuni akulan sapa kang bisa lumebu ing pasingidanku?