1 Mangkene pangandikane Sang Yehuwah: “Sira mangkata menyang ing kadhatone Sang Nata ing Yehuda lan dhawuhna pangandika iki ana ing kono!
2 Dhawuhna mangkene: He ratu Yehuda kang lungguh ing dhampare Dawud, sira, para punggawanira lan kawulanira kang lumebu liwat ing gapura-gapura kene!
3 -- Makaten pangandikanipun Sang Yehuwah --: Tumindaka kang adil lan bener; wong kang dirayah wewenange uwalna saka ing tangane kang nyiya-nyiya; sira aja nandukake panganiaya marang wong neneka, bocah lola lan randha, apadene aja ngwutahake getihe wong kang resik ana ing kene!
4 Amarga yen sira padha bisa nindakake iku kabeh kalawan temen-temen, bakal kelakon para raja, kang bakal lungguh ana ing dhampare Dawud, padha nunggang kareta lan kaarak lumebu ing gapura-gapuraning kraton: para raja iku, para punggawane lan kawulane.
5 Nanging manawa sira ora ngrungokake pangandika iki, Ingsun wus supaos demi Ingsun piyambak, -- makaten pangandikanipun Sang Yehuwah, -- kraton iki bakal dadi jugrugan.
6 Amargi makaten pangandikanipun Sang Yehuwah ing ngatasipun brayatipun Sang Nata ing Yehuda:Sira Sunanggep kaya Gilead,lan kaya pucake gunung Libanon!Nanging Ingsun mesthi bakal ndadekake sira dadi ara-ara samun,dadi kutha kang suwung.