15 Apa panganggepira sira iku raja,manawa padha rebut unggul bab migunakake kayu eres?Bapakira rak uga mangan lan ngombe,lan oleh kanikmatan?Nanging iku nindakake kaadilan lan kabeneran,
16 sarta mutusi prakarane wong sangsaralan wong miskin kalawan adil.Rak iku arane nganggep marang Ingsun?Mangkono pangandikane Sang Yehuwah.
17 Nanging mripat lan atiniramung ngarah marang kauntungan,ngwutahake getihe wong kang ora luput,sarta nindakake pameres lan panganiaya.
18 Mulane mangkene pangandikane Sang Yehuwah tumrap Sang Prabu Yoyakim bin Yosia, raja ing Yehuda:“Wong ora bakal nangisi dheweke:Adhuh lae kakangku! Adhuh lae mbakyuku!Wong ora bakal nangisi dheweke:Adhuh lae gusti! Adhuh lae panjenengan dalem!
19 Anggone kakubur patrape bakal kaya mendhem kuldi,dilarak lan dibuwanging sajabaning gapurane Yerusalem.”
20 Sira munggaha ing gunung Libanon lan nguwuh-uwuha!Ulukna swaranira ana ing pagunungan Basan!Nguwuh-uwuha saka ing pagunungan Abarim,amarga sakehe kang padha sira tresnani wus padha tumpes!
21 Ingsun wus ngandika marang sira nalika sira santosa,nanging sira mangsuli: “Aku emoh ngrungokake!”Kaya mangkono tindak-tandukira wiwit nalika nom-nomanira,amarga sira emoh ngrungokake dhawuhingSun!