21 Ingsun wus ngandika marang sira nalika sira santosa,nanging sira mangsuli: “Aku emoh ngrungokake!”Kaya mangkono tindak-tandukira wiwit nalika nom-nomanira,amarga sira emoh ngrungokake dhawuhingSun!
22 Sakehe wong kang ngengon sira bakal kabur dening prahara,lan para kang sira tresnani bakal diangkat dadi wong tawanan.Ing kono sira bakal nandhang wirang lan camahamarga saka sakehing pialanira.
23 He sira kang manggon ana ing gunung Libanon,lan nusuh ana ing wit-wit eres!Saiba bakal pasambatira, samangsa sira nandhang lara,nandhang lara kang rasane kaya wong wadon kang lagi nglarani.
24 Mangkene pangandikane Sang Yehuwah:“Demi Ingsun agesang, malah sanadyan Khonya bin Yoyakim, raja ing Yehuda iku dadi sesupe cap ana ing astaningSun tengen, ewadene sira bakal Suncopot!
25 Ingsun bakal masrahake sira marang tangane para wong kang padha ngarah nyawanira, marang tangane wong kang sira eringi, marang ing tangane Nebukadnezar, raja ing tanah Babil, sarta marang ing tangane wong Kasdim.
26 Ingsun bakal mbucal sira lan ibunira kang nglairake sira menyang ing nagara liya kang dudu tanah kalairanira; sira bakal mati ana ing kana.
27 Nanging wong iku ora bakal padha mulih menyang ing nagara kang diengen-engen supaya bisa bali mrana!”