6 Amargi makaten pangandikanipun Sang Yehuwah ing ngatasipun brayatipun Sang Nata ing Yehuda:Sira Sunanggep kaya Gilead,lan kaya pucake gunung Libanon!Nanging Ingsun mesthi bakal ndadekake sira dadi ara-ara samun,dadi kutha kang suwung.
7 Ingsun bakal netepake juru pangrusak tumrap sira,kang padha nggawa gegamane dhewe-dhewe:Wong iku bakal padha negori wit ereskang dadi pepethinganirakang banjur dicemplungake ing geni.
8 Lan samangsa akeh wong kang liwat ing kutha kene, iku bakal padha rerasanan: Yagene Sang Yehuwah nandukake kang kaya mangkene marang kutha kang gedhe iki?
9 Wong bakal mangsuli: Amarga wus padha lali marang prasetyane Sang Yehuwah, Gusti Allahe, lan wus sujud nyembah marang allah liyane lan ngabekti marang iku.”
10 Sira aja nangisi wong mati,lan aja belasungkawa marga saka wong iku.Luwih becik sira nangisana kang wus lunga,amarga iku ora bakal bali maneh,lan ora bakal ndeleng tanah kelairane maneh.
11 Amarga mangkene pangandikane Sang Yehuwah tumrap Sang Prabu Salum bin Yosia, raja ing Yehuda, kang wus jumeneng raja, nggentosi Sang Prabu Yosia, kang rama, lan kang wus nilar tanah iki: “Dheweke ora bakal bali mrene maneh;
12 nanging bakal mati ana ing tanah pambuwangan lan ora bakal ndeleng nagara iki maneh.”