1 “Bilai para pangon kang ngetogake bae wedhus-wedhus ngonngonaningSun padha ilang lan buyar!” -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah.
2 Mulane pangandikane Sang Yehuwah, Gusti Allahe Israel marang para pangon kang ngengon bangsaku, mangkene: “Sira wus ngetogake bae wedhus-wedhusingSun buyar lan pating slebar, ora sira reksa. Mulane wruhanira, Ingsun bakal males marang sakehing panggawenira kang ala, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah --.
3 Lan Ingsun piyambak bakal ngempalake kekarene wedhus-wedhusingSun saka ing tanah anggoningSun mbuyarake lan bakal nggiring bali menyang ing pangonane maneh; iku banjur bakal tangkar-tumangkar lan wuwuh akeh.
4 Ingsun bakal milih pangon-pangon kang bakal ngengon wedhus-wedhus iku, temah ora padha wedi maneh, ora kaget, sarta ora ana siji-sijia kang ketriwal. Mangkono pangandikane Sang Yehuwah.