Yeremia 23:10-16 JAV

10 Nagara wus kebak wong laku jina;sanyata marga saka ipat-ipat ikinagara iki dadi garing,lan suket-suket ing ara-ara padha alum;kang diburu mung piala,lan karosane iku anggone padha ora adil.

11 “Sanyata, nabia, imama padha dursila;ana ing padalemaningSun Ingsun uga nrenjuhi pialane.Mangkono pangandikane Sang Yehuwah.

12 Mulane dalan kang diambah para wong ikubakal kaya dalan kang lunyu;ana ing petengan bakal padha kesandhunglan tiba ana ing kono,amarga Ingsun bakal ndhatengake bilaitumrap para wong ikuing sajroning taun nalika padha kaukum.Mangkono pangandikane Sang Yehuwah.

13 Ing kalangane para nabi ing Samaria,Ingsun nguningani ana kang ora patut,padha meca demi Baallan padha nasarake umatingSun Israel.

14 Nanging ing kalangane para nabi ing YerusalemIngsun nguningani pokal kang rusuh,padha laku jina lan tumindak ora jujur,padha mangkotake atine wong kang nindakake piala,temah ora ana wong kang mratobat saka kadursilane.Kabeh wus padha dadi kaya Sodom tumrap Ingsun,sarta para kang manggon ing kono kaya Gomora.”

15 Marga saka iku pangandikane Sang Yehuwah,Gustining kang sarwa dumadi,tumrap para nabi iku mangkene:“Lah, Ingsun bakal maringi pangan butrawalilan omben-omben racun marang wong-wong iku,awit marga saka para nabi ing Yerusalem iku,kadursilan wis ngembrah ana ing saindenging nagara.”

16 Mangkene pangandikane Sang Yehuwah,Gustine kang sarwa dumadi:“Aja ngrungokake tembunge para nabikang memeca marang sira!Wong-wong iku mung aweh pangarep-arep kang kothong marang sira,lan mung medharake wangsit akal-akalane dhewe,kang tekane ora saka lesane Sang Yehuwah.