Yeremia 23:13-19 JAV

13 Ing kalangane para nabi ing Samaria,Ingsun nguningani ana kang ora patut,padha meca demi Baallan padha nasarake umatingSun Israel.

14 Nanging ing kalangane para nabi ing YerusalemIngsun nguningani pokal kang rusuh,padha laku jina lan tumindak ora jujur,padha mangkotake atine wong kang nindakake piala,temah ora ana wong kang mratobat saka kadursilane.Kabeh wus padha dadi kaya Sodom tumrap Ingsun,sarta para kang manggon ing kono kaya Gomora.”

15 Marga saka iku pangandikane Sang Yehuwah,Gustining kang sarwa dumadi,tumrap para nabi iku mangkene:“Lah, Ingsun bakal maringi pangan butrawalilan omben-omben racun marang wong-wong iku,awit marga saka para nabi ing Yerusalem iku,kadursilan wis ngembrah ana ing saindenging nagara.”

16 Mangkene pangandikane Sang Yehuwah,Gustine kang sarwa dumadi:“Aja ngrungokake tembunge para nabikang memeca marang sira!Wong-wong iku mung aweh pangarep-arep kang kothong marang sira,lan mung medharake wangsit akal-akalane dhewe,kang tekane ora saka lesane Sang Yehuwah.

17 Wong iku padha kandha marang wong kang padha nyampahi sabdane Sang Yehuwah:Kowe bakal padha slamet!lan marang sadhengah wong kang mbeguguknuruti tekading atine,kandhane mangkene: Kowe ora bakal nemu bilai!”

18 Awitdene sapa ta kang nekseni pirembagane Sang Yehuwah,temah bisa nggatekake lan krungu pangandikane?Sapa kang nggatekake lan ngrungokake iku?

19 Mara delengen, praharaning Sang Yehuwah,yaiku bentering bebendune, wus metu nyamber-nyamber,-- angin lesus --lan tumiba nempuh sirahe para wong duraka.