18 Awitdene sapa ta kang nekseni pirembagane Sang Yehuwah,temah bisa nggatekake lan krungu pangandikane?Sapa kang nggatekake lan ngrungokake iku?
19 Mara delengen, praharaning Sang Yehuwah,yaiku bentering bebendune, wus metu nyamber-nyamber,-- angin lesus --lan tumiba nempuh sirahe para wong duraka.
20 Bebendune Sang Yehuwah ora bakal mendha,nganti Panjenengane wus nindakakelan mujudake apa kang wus rinancang ana ing panggalihe;ing dina-dina kang wekasan sira bakal mangretiprakara iku temenan!
21 “Ingsun ora ngutus para nabi iku,ewadene padha mempeng,Ingsun ora paring pangandika marang para wong iku,ewadene padha memeca.
22 Saupama padha nunggoni anggoningSun pirembagan,mesthi padha nglairake pangandikaningSun marang para umatingSun,lan padha ngajak bali umatingSun saka ing tindak-tanduke kang alatuwin panggawene kang dursila.
23 Ingsun rak dudu Allah kang mung ana ing cedhakan,nanging kang ana ing kadohan uga.Mangkono pangandikane Sang Yehuwah.
24 Saupama ana wong kang umpetan ana ing pasingidan,apa Ingsun ora pirsa? -- Mangkono pangandikane Sang Yehuwah. --Apa dudu Ingsun kang ngebekilangit lan bumi? Mangkono pangandikane Sang Yehuwah.