Yeremia 23:2-8 JAV

2 Mulane pangandikane Sang Yehuwah, Gusti Allahe Israel marang para pangon kang ngengon bangsaku, mangkene: “Sira wus ngetogake bae wedhus-wedhusingSun buyar lan pating slebar, ora sira reksa. Mulane wruhanira, Ingsun bakal males marang sakehing panggawenira kang ala, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah --.

3 Lan Ingsun piyambak bakal ngempalake kekarene wedhus-wedhusingSun saka ing tanah anggoningSun mbuyarake lan bakal nggiring bali menyang ing pangonane maneh; iku banjur bakal tangkar-tumangkar lan wuwuh akeh.

4 Ingsun bakal milih pangon-pangon kang bakal ngengon wedhus-wedhus iku, temah ora padha wedi maneh, ora kaget, sarta ora ana siji-sijia kang ketriwal. Mangkono pangandikane Sang Yehuwah.

5 Pangandikane Sang Yehuwah mangkene: Lah, bakal tumeka ing wektune, Ingsun bakal nuwuhake Trubusane Dawud kang adil. Iku bakal jumeneng raja kang wicaksana lan tumindak adil tuwin bener ana ing nagara.

6 Ing jaman jumenenge raja iku Yehuda bakal linuwaran lan Israel bakal tentrem uripe; dene jeneng kang diwenehake dening wong marang dheweke: Sang Yehuwah kaadilan kita.

7 Mulane, -- mangkene pangandikane Sang Yehuwah --, lah bakal tumeka ing wektune wong ora muni mangkene maneh: Demi Sang Yehuwah agesang, kang ngentasake Israel saka ing tanah Mesir!,

8 nanging mangkene: Demi Sang Yehuwah agesang kang ngirid lan ngulihake tedhak turune Israel metu saka ing tanah lor lan saka sakehing nagara, anggone Panjenengane mbuyarake wong-wong iku, sarta iku banjur bakal padha manggon ana ing tanahe dhewe.”