28 Nabi kang oleh impen, kareben ngandhakake impene, lan kang tampa pangandikaningSun iya kareben ngabarake pangandikaningSun ing sabenere!Apa ana gandheng-cenenge dami karo gandum?Mangkono pangandikane Sang Yehuwah.
29 PangandikaningSun rak prasasat geni, --mangkono pangandikane Sang Yehuwah --lan kaya palu kang ngremuk gunung parang?
30 Mulane, lah Ingsun bakal nglawan para nabi kang padha nyolong pangandikaningSun saka kancane. -- Mangkono pangandikane Sang Yehuwah --.
31 Satemene Ingsun bakal nglawan para nabi kang ngempakake ilate kanthi sawenang-wenang kanggo ngandharake pangandikaning Allah. -- Mangkono pangandikane Sang Yehuwah --.
32 Lah, Ingsun bakal nglawan para nabi, kang medharake impene kang goroh, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah; -- lan kang padha ngandhakake iku lan nasarake umatingSun kalawan anggone goroh lan umuk. Ingsun iki ora tau ngutus lan dhawuh marang para wong iku. Wong-wong iku ora ana gunane babar pisan tumrap bangsa iki. -- Mangkono pangandikane Sang Yehuwah.
33 Samangsa bangsa iki, nabia, imama, pitakon marang sira: Pangandika apa kang diemotake dening Sang Yehuwah? Nuli wangsulana mangkene: Iya kowe iku momotane! Mulane sira bakal Sunbuwang saka ing nagaraningSun, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah --.
34 Dene nabi utawa imam utawa rakyat kang isih ngrembug bab Sabda kang diemotake dening Sang Yehuwah, Ingsun bakal ndhawahake piwales marang wong iku dalah kulawargane.