3 Lan Ingsun piyambak bakal ngempalake kekarene wedhus-wedhusingSun saka ing tanah anggoningSun mbuyarake lan bakal nggiring bali menyang ing pangonane maneh; iku banjur bakal tangkar-tumangkar lan wuwuh akeh.
4 Ingsun bakal milih pangon-pangon kang bakal ngengon wedhus-wedhus iku, temah ora padha wedi maneh, ora kaget, sarta ora ana siji-sijia kang ketriwal. Mangkono pangandikane Sang Yehuwah.
5 Pangandikane Sang Yehuwah mangkene: Lah, bakal tumeka ing wektune, Ingsun bakal nuwuhake Trubusane Dawud kang adil. Iku bakal jumeneng raja kang wicaksana lan tumindak adil tuwin bener ana ing nagara.
6 Ing jaman jumenenge raja iku Yehuda bakal linuwaran lan Israel bakal tentrem uripe; dene jeneng kang diwenehake dening wong marang dheweke: Sang Yehuwah kaadilan kita.
7 Mulane, -- mangkene pangandikane Sang Yehuwah --, lah bakal tumeka ing wektune wong ora muni mangkene maneh: Demi Sang Yehuwah agesang, kang ngentasake Israel saka ing tanah Mesir!,
8 nanging mangkene: Demi Sang Yehuwah agesang kang ngirid lan ngulihake tedhak turune Israel metu saka ing tanah lor lan saka sakehing nagara, anggone Panjenengane mbuyarake wong-wong iku, sarta iku banjur bakal padha manggon ana ing tanahe dhewe.”
9 Bab para nabi.Atiku remuk sajroning dhadhaku.Sakehing balungku gograg.Kaananku kaya wong mendem,kaya wong lanang kang keladuk anggone ngombe anggur,awit saka Sang Yehuwahlan pangandikane kang suci.