36 Nanging Sabda kang diemotake dening Sang Yehuwah, aja kokkandhakake maneh, awit kang dadi momotane saben wong yaiku tembunge dhewe, amarga kowe wus padha ngowahi pangandikane Gusti Allah kang gesang, Sang Yehuwah, Gustine kang sarwa dumadi, Gusti Allah kita.
37 Sira kandhaa marang para nabi mangkene: Kapriye dhawuh wangsulane Sang Yehuwah marang kowe utawa: Apa pangandikane Sang Yehuwah?
38 Nanging manawa sira isih ngucapake bab Sabda, kang diemotake dening Sang Yehuwah, pangandikane Sang Yehuwah mangkene: Sarehne sira isih ngandhakake isining Sabda, kang diemotake dening Sang Yehuwah, sanadyan Ingsun ngutus wong marang sira supaya mratelakna: aja rembugan bab Sabda, kang diemotake dening Sang Yehuwah,
39 mulane, lah Ingsun bakal nyepeng lan mbuwang sira saka ing ngarsaningSun, sira lan kuthanira kang wus Sunparingake marang sira lan leluhurira iku.
40 Ingsun bakal maringi cacadan lan kawirangan kang langgeng marang sira kang ora bakal kalalekake.”