Yeremia 24:1 JAV

1 Delengen, Sang Yehuwah nedahake kranjang loro isi woh anjir, ana ing ngarepe padalemane Sang Yehuwah. Kalakone prakara iku sawuse Sang Prabu Nebukadnezar, ratu ing Babil ngangkut Sang Prabu Yekhonya bin Yoyakim, ratu ing Yehuda dalah para panggedhene Yehuda, para tukang lan pandhe saka ing Yerusalem, digawa menyang ing pambuwangan ing tanah Babil.

maca bab lengkap Yeremia 24

tampilan Yeremia 24:1 ing konteks