15 Pangandikane Sang Yehuwah, Gusti Allahe Israel marang aku mangkene: “Tampanana tuwung kang isi anggur bentering bebenduningSun iki saka astaningSun, nuli ombekna marang sakehe para bangsa kang dadi tujuane anggoningSun ngutus sira,
16 supaya iku padha ngombea, nganti sempoyongan lan bingung marga saka pedhang, kang bakal Suntamakake ana ing satengahe.
17 Aku banjur nampani tuwung iku saka ing astane Sang Yehuwah, sarta ngombekake marang para bangsa kang dadi tujuane anggonku kautus dening Sang Yehuwah,
18 yaiku marang kutha Yerusalem lan kutha-kuthane Yehuda, dalah para raja lan panggedhene, supaya iki kabeh dadia jugrugan, padha garing lan dadi lesaning panacad sarta ipat-ipat, kayadene kang kelakon ing dina iki;
19 marang Pringon, ratu ing tanah Mesir dalah para punggawane, para panggedhene lan sakehe kawulane.
20 Mangkono uga marang bangsa campurane bangsa warna-warna, para ratu ing tanah Us; para raja ing tanah Filisti, yaiku ing Askelon, Gaza, Ekron lan para wong kekarene kang ana ing Asdod;
21 ing Edom, Moab lan bani Amon;