5 Ingsun iki kang nitahake bumi, manungsa lan kewan kang padha ana ing bumi, kalawan kakiyataningSun kang gedhe lan astaningSun kang Sunegarake sarta Ingsun maringake iku kabeh marang wong, kang Sunanggep sembada ana ing ngarsaningSun.
6 Lan saiki, Ingsun maringake sakehing nagara iki marang tangane abdiningSun Nebukadnezar, ratu ing Babil, dalah kewan ing ara-ara uga wus Sunparingake marang tangane supaya padha suyuda.
7 Sakehing bangsa bakal padha ngawula marang dheweke lan anak putune, nganti tumeka ing wektune uga tumrap nagarane dhewe, nuli akeh bangsa lan ratu agung kang bakal padha nelukake.
8 Nanging bangsa lan karajan kang ora gelem teluk marang Nebukadnezar, ratu ing Babil lan lumuh mikul pasangane ana ing gulune, iku bakal Sunukum kalawan pedhang, pailan lan pageblug, -- makaten pangandikanipun Sang Yehuwah -- temah padha Sunulungake babar pisan ing tangane.
9 Dene mungguh sira kabeh, sira aja padha nggugu marang para nabinira, juru tenungira, juru mbatang impenira, juru bethekira, lan juru sihirira, kang kandha marang sira: Kowe aja padha gelem teluk marang raja ing Babil!
10 Amarga wong iku padha meca goroh marang sira, karepe ngedohake sira saka ing tanahira, temah sira padha Sunbuyarake lan nemu karusakan.
11 Nanging bangsa kang gelem kaetrapan pasangane Nebukadnezar ing gulune sarta kang teluk marang dheweke, iku bakal Suntegakake bae ana ing tanahe -- makaten Pangandikanipun Sang Yehuwah -- lan babal ngolah iku sarta manggon ing kono.”