1 Ing sajroning taun iku uga, nalika wiwit jumenenge Sang Prabu Zedhekia, ratu ing Yehuda, panuju ing sasi kalima, ing taun kang kaping papate, Nabi Hananya bin Azur, kang asal saka ing Gibeon iku pratela marang aku ana ing padalemane Sang Yehuwah, ana ing ngarepe para imam lan rakyat kabeh:
2 “Mangkene pangandikane Sang Yehuwah, Gustine kang sarwa dumadi, Gusti Allahe Israel: Ingsun wus mutung pasangane ratu ing Babil iku.
3 Ing sajroning rong taun iki Ingsun bakal ngulihake sakehing pirantining padalemane Sang Yehuwah, kang dijupuk dening Nebukadnezar, ratu ing Babil, saka ing panggonane lan diusungi menyang ing Babil.
4 Uga Yekhonya bin Yoyakim, ratu ing Yehuda tuwin sakehe wong buwangan saka ing Yehuda kang digawa menyang Babil, bakal Sunulihake menyang padunungane iki, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah --. Lah, Ingsun bakal mutung pasangane ratu ing Babil iku!”