13 “Sira nemonana Hananya lan dhawuhana: Mangkene pangandikane Sang Yehuwah: Sira wus mutung pasangan kayu, nanging Ingsun bakal damel pasangan wesi minangka lirune.
14 Amarga mangkene pangandikane Sang Yehuwah, Gustine kang sarwa dumadi, Allahe Israel: Pasangan wesi bakal Sunetrapake ana ing gulune sakehing bangsa iku, temah bangsa iku mau padha teluk marang Nebukadnezar, ratu ing Babil; sanyata, para raja iku mesthi bakal teluk! Dalah sato kewan ing ara-ara wus padha Sunparingake.”
15 Nabi Yeremia banjur ngandika marang Nabi Hananya: “He Hananya, mara rungokna! Kowe ora diutus dening Sang Yehuwah, malah kowe ndadekake bangsa iki ngandel marang doracara,
16 mulane pangandikane Sang Yehuwah mangkene: Sanyata, Ingsun bakal nyirnakake sira saka ing bumi; sajrone taun iki uga sira bakal mati, marga sira wus ngajak murtad saka ngarsane Sang Yehuwah.”
17 Nabi Hananya seda ing taun iku uga, ing nalika sasi kapitu.