5 Nabi Yeremia tumuli ngandika marang Nabi Hananya ana ing ngarepe para imam lan rakyat kabeh, kang padha ngadeg ana ing padalemane Sang Yehuwah.
6 Pangandikane Nabi Yeremia: “Amin! Muga-muga Sang Yehuwah tumindak mangkono! Muga-muga Sang Yehuwah netepi kaya surasane kang kokwecakake iku mungguh baline piranti-piranti padalemane Sang Yehuwah lan sakehe wong buwangan iku saka ing tanah Babil.
7 Mung bae, kowe padha ngrungokna tembungku kang bakal daklairake ana ing ngarepmu lan ing ngarepe rakyat iki kabeh:
8 Para nabi kang ana sadurunge aku lan kowe, wiwit biyen mula wus padha nglairake pameca marang nagara akeh lan karajan gedhe-gedhe bab perang, bilai lan pageblug.
9 Nanging mungguh sawijining nabi kang meca bab tentrem rahayu, manawa pameca iku kayektenan, lagi disumurupi, yen nabi iku kautus dening Sang Yehuwah temenan.”
10 Nabi Hananya nuli njupuk pasangan iku saka ing janggane Nabi Yeremia, banjur diputung.
11 Nabi Hananya ngandika ana ing ngarepe rakyat kabeh: “Mangkene pangandikane Sang Yehuwah: Iya kaya mangkono anggoningSun bakal mutung pasangane Nebukadnezar, ratu ing Babil, Sunbuwang saka ing gulune para bangsa sajroning rong taun iki!” Nanging Nabi Yeremia nuli tindak saka kono.